Warsa Enggal Tekad Enggal Pancaran Air Hidup 1 Januari 2026

1 January 2026

Waosan: Mateus 25 : 31 – 46  |  Pamuji: KPJ. 390
Nats: “… Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.” (Ayat 40)

Dinten punika kita ngancik dinten kaping sepisan wonten ing warsa enggal. Ing taun kapengker, kabingahan lan kaprihatosan, kasuksesan lan kagagalan, sehat lan sakit, mawarni-warni kawontenan sampun kita lampahi. Lumebet ing warsa enggal punika sampun sak mestinipun kita kagungan pangajeng-ajeng lan tekad kangge nglampahi gesang ingkang langkung sae malih, kawontenan ingkang langkung sae salebeting brayat, pandamelan, sekolah, lan ugi dados umat kagunganipun Gusti ingkang setya. Lumebet wonten ing warsa enggal, kita ugi dipun engetaken bilih gesang peparingipun Gusti punika winates, wonten wancinipun kita badhe paring tanggel jawab tumrap sadaya ingkang sampun kita lampahi ing donya punika.

Wonten wancinipun mangke Putraning Manungsa badhe rawuh lan lenggah ing dhampar kamulyan paring pangadilan ingkang wekasan. Mangke Sang Nata badhe milah pundi tiyang ingkang mursid lan pundi tiyang ingkang duraka. Tiyang mursid badhe nampi gesang langgeng ing swarga lan tiyang duraka badhe nampi paukuman langgeng ing neraka. Tiyang mursid saged nampi kawilujengan awit ing salebeting gesangipun sampun ngetingalaken kasaenan dhateng tiyang-tiyang ingkang nandhang kaprihatosan lan kacingkrangan, kados ta tiyang ingkang kerapan, kasatan, lelana, kelukaran, gerah, lan kinunjara (Ay. 35-36). Prelu dipun mangertosi wonten iman Kristen, kawilujengan punika kamirahan saking Gusti Allah salebeting Sang Kristus Yesus. Mboten wonten tiyang ingkang saged nampi kawilujengan awit saking tumindakipun piyambak. Para tiyang mursid tumindak sae dhateng tiyang sanes ingkang asor awit raos saos sokur lan nuladha Gusti Yesus.

Warsa enggal punika wekdal ingkang sae kangge kita niti priksa. Minangka umat kagunganipun Gusti Yesus, punapa gesang kita sampun kita lampahi kanthi preduli dhateng kawontenan tiyang sakiwatengen kita? Punapa ing taun kapengker kita taksih asring gesang namung nengenaken dhiri kita piyambak? Sumangga ing warsa enggal punika kita  nggadhah tekad enggal kangge langkung sae lan wigati malih dhateng sesami supados gesang kita tansah binerkahan lan dados margining berkah kangge sesami. Amin. [M@ul].

“Sugeng warsa enggal, Gusti tansah paring berkah lan kawilujengan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak