Waosan: Yokanan 8 : 12 – 19 | Pamuji: KPJ. 96
Nats: “Aku iki pepadhanging jagad, sing sapa ngetut buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.” (Ayat 12)
Dinten punika dinten pungkasan ing taun 2025. Benjing kita sampun mlebet warsa enggal ing taun 2026. Salami setunggal taun kita sampun nglampahi gesang kita. Sisah bingah, sakit sehat sampun kita alami. Kathah berkah-berkah saking Gusti Allah ingkang sampun kita tampi. Kita tansah katuntun dening Gusti. Srana pepadhang, kita saged nindakaken pandamelan kita saben dinten. Menawi manah lan penggalih kita padhang, kita saged ngraosaken gesang kebak kabingahan. Mekaten ugi thethukulan lan sato kewan sami mbetahaken padhang awit pepadhang saking Gusti saestu maedahi tumrap sadaya titah-Ipun.
Lumantar ayat nats kita, sampun cetha bilih Gusti Yesus punika papadhanging jagad. Gusti Yesus nyirnakaken peteng kagantos padhang. Kawonten ingkang peteng dhedhet badhe ical menawi Sang Pepadhang punika rawuh. Gusti Yesus ingkang madhangi margining sadaya tiyang pitados, tumuju dhateng margi kawilujengan. Sinten kemawon ingkang purun ngetut wingking Gusti Yesus Kristus badhe kaluwaran saking pepetenging dosa. Nanging kanggenipun, tiyang ingkang dereng nampi pepadhangipun Gusti, gesangipun kraos peteng. Tumindak punapa kemawon menawi mboten lumampah ing margi ingkang padhang, mboten badhe nampeni berkah saking Gusti Allah. Mila kita kedah pitados dhumateng Gusti lumantar dhawuhipun ing Kitab Suci.
Kita minangka tiyang pitados mboten badhe ajrih ngadhepi gesang lan napak ing warsa enggal. Kita pitados bilih Gusti Allah ngrumiyini lampah gesang kita, nyingkiraken sadaya pambengan ingkang ngalang-alangi lampah kita. Mangga kita setya tut wingking ndherek Gusti Yesus ingkang dados pepadhanging jagad. Bilih manah kita peteng, mugi kaparingan cahyaning Sang Natal, lan ngraosaken endahing gesang ndherek Gusti. Kita ingkang setya tut wingking Gusti Yesus, tamtu mboten badhe ajrih ngadhepi gesang ing ngajeng, ingkang mboten kita mangertosi, awit sinarengan kaliyan Gusti Yesus, kita mboten badhe kesasar. Kita tansah mlampah ing margi kawilujengan. Mugi cahyaning Natal tansah madhangi manah lan gesang kita, mapak warsa enggal kanthi kebak pengajeng-ajeng lan kabingahan. Amin. [WMW].
“Sapa sing cedak marang Gusti, bakal mundhak ayeming ati.”