Munafik Pancaran Air Hidup 13 November 2023

13 November 2023

Waosan:  Amos 8 : 7 – 14 | Pamuji: KPJ. 196
Nats: “Ingsun bakal ndhatengake pailan ana ing nagara kene, dudu pailan pangan utawa kasatan banyu, nanging ngorong marang pangandikane Pangeran Yehuwah.” (Ayat 11)

Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) tembung “munafik” tegesipun pambudidaya kangge apus-apus pitados lan setya dhumateng ajaran agami utawi sanesipun (saged semah, pandamelan, peladosan lsp), ananging ing salebeting manahipun mboten kados mekaten. Punapa ingkang dipun ngendikakaken punika mboten selaras lan mboten cocog kaliyan ingkang katindhakaken.

Ing waosan punika nabi Amos ngemutaken bangsa Israel ingkang tumindhakipun dados tiyang munafik. Minangka umat pilihanipun Gusti Allah ewosamenten tumindhakipun bangsa Israel punika mboten cundhuk kaliyan karsanipun Allah, inggih punika: nindhes tiyang miskin, ngrusak tiyang mlarat, lan ngapusi sesaminipun (Ay. 4-6). Tumindhakipun bangsa Israel punika saestu ala sanget wonten ngarsanipun Sang Yehuwah ngantos Panjenenganipun mboten saged nyupekaken (Ay. 7). Minangka paukuman dhateng bangsa Israel punika, Sang Yehuwah ndadosaken srengenge angslup ing wayah awan, bumi peteng ing wayah raina, kabungahan dados kaprihatosan, kekidungan dados kidung pangadhuh, sakehing bangkekan dipun sandhangi bagor, sakehing sirah kadhawuhan gundhul. Sadaya punika kados palayadan margi kecalan anak ontang-anting lan pungkasanipun dados dinten ingkang pait-getir (Ay. 9-10). Bab ingkang langkung awrat inggih punika bangsa Israel sampun mboten saged malih mirengaken dhawuhipun Sang Yehuwah. Senajan sadaya sampun mbudidaya ngupadi ewosemanten Sang Yehuwah piyambak mboten badhe paring dhawuh dhateng bangsa Israel. Sang Yehuwah nilaraken bangsa Israel awit saking tumindhakipun ingkang ala. Bangsa Israel ingkang kapiji dados umat pilihanipun Sang Yehuwah, kedahipun dados lantaran berkah tumrap sesaminipun, ananging justru malah nipu, meres, nyade tiyang miskin lan ringkih. Bangsa Israel nglalekaken dhawuh lan katresnanipun Sang Yehuwah ingkang sampun ngreksa lan ngrimati gesangipun.

Minangka umat kagunganipun Gusti Allah sumangga kita tansah mbudidaya dados tiyang ingkang jujur, mboten dados tiyang munafik. Tiyang ingkang purun peduli dhateng sesami, mboten malah nindhes lan meres sesami kangge kapentingan pribadi, awit Gusti Allah sengit tumrap tiyang ingkang munafik. Amin. [Gmbul].

 “Marga saka iku padha mbirata sakehing piala sarta sarupane para-cidra, sarta lamis lan drengki, apadene sakehing pamitenah.” (1 Petrus 2:1)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak