Pahargyan Kawilujengan Pancaran Air Hidup 15 Oktober 2023

15 October 2023

Waosan: Mateus 22 : 1 – 14 | Pujian: KPJ. 184
Nats: “Panjenengane banjur ngandika marang wong mau: He, sadulur, kapriye dene sira lumebu ing kene ora nganggo sandangan pesta? Wong mau meneng bae.” (Ayat 12)  

Pahargyan nenikahan lan mantu punika saestu mbingahaken. Ing pundi, pasangan muda-mudi ingkang badhe nenikahan punika, enem utawi tigang wulan saderengipun nglampahi proses fitting rasukan manten ingkang badhe dipun agem ing wanci pesta. Mila saking punika, biasanipun ukuran rasukan panganten kalawau langkung ramping tinimbang badanipun. Calon penganten kalawau kedah nglampahi program diet, supados saged ngagem rasukan panganten ingkang pas wonten badanipun. Pungkasanipun, pasangan muda-mudi kalawau ngraosaken bingah sanget lan saestu ketingal cocok ing dinten pahargyan nenikahanipun.

Pasemon bab pahargyan manten ing Injil Mateus 22:1-14 punika nedahaken bab sih rahmatipun Gusti Allah ingkang nimbali sadaya tiyang nampi kawilujengan gesang. Sadaya tiyang dipun paringi undangan kangge ndherek pahargyanipun Gusti Allah (Ay. 9). Ananging, saestu aneh menawi wonten tiyang ingkang dipun undang ndherek pahargyan punika mboten ngagem rasukan pesta. Amargi tiyang ing sakiwa tengenipun mesthi ngagem rasukan pesta. Mila, tiyang ingkang ndherek pahargyan manten punika kedah ngagem rasukan pesta ingkang sampun kacawisaken dening tuan rumah (Ay. 12). Menawi mboten purun ngagem, tamu kalawau sejatosipun mboten layak lumebet wonten pahargyan manten kalawau. Rasukan pesta punika nggadahi teges, tumindak gesang ingkang leres kaliyan karsanipun Gusti, ingkang kedah dipun lampahi  dening tiyang pitados.

Uleman pesta saking Gusti Allah punika uleman kangge sadaya tiyang pitados. Sadaya sampun katata lan dipun cawisaken kanthi sae dening Gusti. Saumpami pesta, kawilujengan saking Gusti punika sampun kacawisaken kangge kita. Kawilujengan punika wujud sih rahmating Gusti kangge kita para pitados. Pramila salebeting kita nampi kawilujengan punika, kita perlu ngagem ‘rasukan pesta’, inggih punika gesang ingkang leres lan selaras kaliyan karsanipun Gusti. Kita sedya nindakaken dhawuhipun Gusti sarta nresani sesami kita. Kanthi punika, mugi kita kasagedna ngestokaken pahargyanipun lan katampi lumebet ing kratoning Allah. Amin. [BK].

“Mangga ngupadi kawilujengan peparingipun Gusti Allah!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak