Panca Usaha Tani Pancaran Air Hidup 7 Oktober 2023

7 October 2023

Waosan: Jabur 80 : 7 – 15 Pamuji: KPJ. 172
Nats: ‘’Paduka mugi karsaa nggatosaken wit anggur punika, …’’ (Ayat 15c)

Wonten piwucal kangge para kadang tani supados saged pikantuk asil panen ingkang sae. Para kadang tani kedah purun nindakaken Panca Usaha Tani, inggih punika nindakaken gangsal lampah olah tetanen. (1) Milih bibit ingkang unggul; (2) ngolah tanah kanthi sae; (3) nyukani pupuk ingkang pas; (4) nyegah hama lan werni-werni penyakit taneman; (5) irigasi utawi toya ingkang cekap. Menawi para kadang tani nindakaken gangsal lampah punika, pangajeng-ajengipun asil panenipun bakal sae. Kosokwangsulipun bilih wonten salah satunggal utawi langkung saking gangsal lampah punika ingkang katriwal utawi boten dipun lampahi, saged kemawon panenan risak utawi gagal panen. Gegambaran saking Panca Usaha Tani punika, dados piwucal kangge kita: kasil utawi botenipun gesang kita punika gumantung kaliyan kados pundi anggenipun kita mbudidaya lan ngrimat gesang kita punika.

Waosan kita dinten punika nyariosaken Juru Mazmur ingkang ngraosaken pangrimatanipun  Gusti Allah ing salebeting gesangipun. Piyambakipun pitados Gusti Allah ingkang nitahaken jagad raya punika, Gusti ingkang tansah ngrimati umatipun Israel minangka bangsa pinilih wonten ing asta-Nipun. Bangsa Israel dipun pilih, dipun papanaken wonten ing nagari ingkang endah, karimat kanthi mawerni-werni berkah. Pramila nalika wonten prekawis ingkang awrat inggih punika bangsa Israel ngadhepi mengsah, ingkang kagambaraken kadosdene kewan-kewan ingkang nggrogoti wit anggur (Ay. 13-14), Juru Mazmur atur pasambat dhumateng Gusti Allah supados karsaa migatosaken kahanan umatipun punika (Ay. 15). Piyambakipun pitados kanthi pangrimatanipun Gusti Allah, sadaya saged katata sae lan ngraosaken tentrem rahayu.

Kita sapunika gesang ing Indonesia, negri ingkang majemuk krana maneka-werni agami, suku bangsa, lan kabudayan. Kawontenan ingkang mekaten punika ndadosaken kita minangka tiyang Kristen kedah saos sokur dhumateng Gusti, awit kita kapapanaken ing negeri Indonesia punika. Kagambaraken kados dene sabin/tegil ingkang dipun tanemi maneka warni tetuwuhan, tamtu mbetahaken pranatan supados sadaya saged tuwuh, ngrembaka, lan ngasilaken woh-wohan ingkang sae lan saged dipun raosaken dening sadaya tiyang. Pramila sumangga kita tansah nyenyuwun dhumateng Gusti Allah supados kita kasagedna gesang sesarengan kaliyan umat agami sanes mujudaken Indonesia ingkang rukun lan tentrem raharja. Amin. [ads].

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak