Waosan: Yokanan 17 : 1 – 11 ǀ Pamuji: KPJ. 348 : 1
Nats: “Dhuh Rama ingkang Suci, tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika mugi Paduka reksa wonten ing asma Paduka, … supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdene Paduka kaliyan Kawula.” (Ayat 11)
Satunggaling dinten wonten sawetawis jaran ingkang saweg pados pakan wonten ing sesuketan. Nalika jaran-jaran saweg nedha suket, dumadakan wonten macan ingkang nyelak lan badhe nedha jaran-jaran punika. Mangertos bilih wonten macan ingkang badhe nyokot, jaran-jaran punika lajeng sami damel formasi. Endasipun jaran kumpul wonten tengah, dene sikilipun wonten sak njawining kupengan. Nalika macan nyelak, sikilipun jaran siap mengkal. Barisan punika ndadosaken macan ajrih badhe nyelaki jaran-jaran punika. Macan lajeng nggadhahi ide, macan tanglet dhateng jaran-jaran punika: “Wah, ide kalian hebat sekali membuat lingkaran semacam ini. Siapa yang mempunyai ide cerdas ini?” Mireng pitakenan saking macan, jaran-jaran punika lajeng sami ribut bab sinten ingkang sekawit nggadhahi ide. Jaran satunggal rumaos bilih piyambakipun ingkang nggadhahi ide. Jaran sanesipun boten trimah, lajeng gotrah lan wicanten bilih sayekti piyambakipun ingkang nggadhahi ide. Karana kawontenan mekaten, formasi jaran punika lajeng buyar. Jaran-jaran sampun boten sami jumaga, kadadosan punika lajeng dipun angge macan kangge nyokot jaran-jaran punika.
Kados dene jaran-jaran punika, pasamuwan ugi saged crah lan bubrah kalanipun pasamuwan sami dene ngunggulaken dhiri. Patunggilanipun pasamuwan saged crah tuwin bubrah kalanipun sadaya mentingaken dhiri pribadi. Kadadosan punika ingkang kajagi dening Gusti Yesus. Pramila nalika Panjenenganipun badhe nandang sangsara lan pejah, Panjenenganipun ngunjukaken pandonga tumrap patunggilanipun para sakabatipun lan pasamuwan. Wonten ing Yokanan 17:11 kasebataken, “wondene Kawula sampun boten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang punika taksih wonten ing donya, tuwin Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka. Dhuh Rama ingkang Suci, tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika mugi Paduka reksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdene Paduka kaliyan Kawula.”
Pasamuwan ingkang nyawiji wigatos tumraping Gusti Yesus. Pasamuwan ingkang mbenjangipun badhe nglajengaken timbalan nggelaraken Kratoning Allah. Pramila pasamuwan kedah nyawiji, menawi mboten nyawiji boten saged dados sarana nggelaraken Kratoning Allah. Prekawis ingkang saged ndadosaken crah lan bubrah kedah dipun tebihi. Mangga kita tansah ngudi prekawis patunggilan ingkang nyawiji. Amin. [ANS].
“Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa”