Prasetyaning Gusti Pancaran Air Hidup 15 Mei 2023

15 May 2023

Waosan: Purwaning Dumadi 9 : 8 – 17 ǀ Pamuji: KPJ. 145 : 1
Nats:Ingsun nganakake prasetyaningSun karo sira, yen sabanjure bakal ora kelakon maneh makhluk kang urip katumpes dening banjir, lan bakal ora ana banjir gedhe maneh kang nyirnakake bumi.” (Ayat 11)

Kita temtu asring sanget, mireng tiyang ingkang ngucapaken janji. Wiwit janji ing prekawis ingkang sepele, ngantos janji ing prekawis ingkang wigati. Nanging sinaosa sampun dipun ucapaken, naminipun tiyang nggih saged kemawon mblenjani janji. Nggih taksih wonten kemawon tiyang bebrayatan ingkang milih pisah/pegatan, pejabat ingkang korupsi, lsp, sinaosa sadayanipun sampun ngucapaken janji ing ngarsanipun Gusti. Lajeng bilih Gusti Allah pribadi ingkang paring janji prasetya, punapa nggih Gusti Allah punika badhe mblenjani janji prasetya-Nipun? Temtunipun nggih mboten. Awit Gusti Allah punika sanes manungsa, ingkang kebak kakirangan lan saged nglampahi tumindak ingkang kados mekaten.

Waosan kita nedahaken bilih Nuh lan brayatipun sampun nglampahi satunggal prekawis ingkang nggegirisi ati. Donya ingkang saderengipun kebak kaliyan manungsa ingkang nglampahi dosa, sami dipun tumpes dening Gusti Allah. Nanging sinaosa mekaten, Gusti Allah mboten badhe nyirnakaken sadaya ingkang wonten ing donya punika. Gusti Allah ugi maringi sih pangapunten lan ngudi mbangun malih sadayanipun. Nuh lan brayatipun, sarta sadaya makhluk ingkang wonten ing prau kalawau, sami kapilih kangge miwiti pigesangan ingkang enggal. Mila Gusti Allah paring prasetya dhumateng Nuh lan brayatipun, bilih mboten wonten malih ingkang badhe katumpes dening banjir ageng malih (Ay. 11). Kagem mantebaken prasetyanipun, Gusti Allah ngantos damel pratanda arupi kluwung ing akasa (Ay.12). Ingkang artosipun, Gusti Allah punika badhe nganthi, ngrimati, lan saestu nresnani manungsa ingkang dados kagunganipun.

Prasetyanipun Gusti Allah ingkang kebak katresnan punika, nggih saestu lumuntur ngantos ing wanci samangke. Sejatosipun kita ugi kedhah asring saos sokur lan sadar, awit Gusti Allah mboten nate mblenjani janji lan saestu nresnani manungsa ingkang dados kagunganipun. Nanging ing gesang padintenan, manungsa asring nampik lan nglirwakake janjinipun, lajeng tumindak miturut pikajengipun piyambak. Bilih kados mekaten ingkang kita lampahi, gesang punika mboten malih dados “peziarahan iman”, nanging malah dados petualangan kangge nyicipi dosa, mumpung taksih wonten yuswa. Punapa nggih mekaten? Mugi kita katebihna saking pemanggih ingkang mekaten. Amin. [YAH].

“Ngandelna prasetyaning Gusti, aja nganti uwal rina kalawan wengi”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak