Waosan: Yesaya 50 : 4 – 9a | Pamuji: KPJ. 416 : 1 – 2
Nats: ”Pangeran Allah wus ngwengakake talinganingSun lan Ingsun ora mbangkang, ora mengo memburi.” (Ayat 5)
Taat punika salah setunggaling sikep ingkang wigatos wonten ing salebeting gesang sesarengan. Taat hukum lan aturan saged ndadosaken gesanging manungsa katata kanthi sae. Upaminipun taat aturan lalu-lintas lan taat aturan sekolah. Taat dhateng hukum punika inggih salah satunggaling ciri negari majeng. Sadaya taat hukum kanthi kesadaran lan raos urmat ingkang inggil, malah kadhang sampun dados kalimrahan ingkang otomatis dipun lampahi amargi “sampun semestinipun mekaten”. Dados, punika sanes taat ingkang kapeksa utawi dipun peksa, ananging sukarila amargi ngrumaosi wigatosipun taat hukum lan taat aturan punika kangge kasantosaning gesang sesarengan.
Waosan kita dinten punika nyariosaken pepujianipun abdinipun Gusti. Ing ngriku abdinipun Gusti mapanaken piyambakipun dados pribadi ingkang taat lan purun mirengaken punapa ingkang dipun dhawuhaken Gusti. Piyambakipun mboten nampik lan mboten nyingkur. Malah piyambakipun tatag, kiyat nanggel kasangsaranipun, sinaosa geger lan pipinipun dipun gebugi. Piyambakipun mboten ndelik kala diwewirang lan diidoni. Taat ingkang dipun lampahi dening abdinipun Gusti punika, taat ingkang sukarila, kebak kamardikan, sanes taat ingkang kebak kaajrihan, sanes kapeksa lan dipun peksa. Ing pungkasan, wohing sikep taatipun nuwuhaken pitulunganipun Gusti Allah ingkang nyata, piyambakipun mboten kawirangan. Saking prastawa punika kita saged sumerep menawi sikep taat dhumateng Gusti lan Sabdanipun punika bab ingkang wigatos lan kedah kita tindakaken ing gesang kita.
Ing salebeting Pekan Suci punika, minangka abdinipun Gusti, mangga kita sinau dados abdi ingkang nggadahi sikep taat ingkang sukarila, kadosdene Gusti Yesus ingkang nedahaken sikep taatipun kanthi sukarila. Panjenenganipun pirsa punapa ingkang badhe kelampahan, Panjenenganipun siap ngadepi samudayanipun. Ing satengahing kasangsaranipun, Panjenenganipun mboten ngresula lan nyalahaken kawontenan, nanging Panjenenganipun tulus masrahaken sarira lan rahipun kangge milujengaken kita. Mila sumangga kita nindakaken gesang kita kebak sikep taat ingkang sukarila, awit Gusti Allah tansah nresnani kita ingkang sedya taat dhumateng Panjenenganipun. Amin. [YHS].
“Wujuding kadiwasaan nggih punika nglampahi sadaya kanthi sukarela, boten krana kapeksa”