Nabi Bisu Pancaran Air Hidup 3 April 2023

3 April 2023

Waosan: Yesaya 42 : 1 – 9 ǀ Pamuji: KPJ. 120
Nats:Iku ora bakal alok-alok utawa nyerokake swarane lan ora bakal ngumbar swara ana ing dedalanan.” (Ayat 2)

“Nabi Bisu”, punika buku biografi Pdt. Em. Prof. Dr. Sularso Sopater, ketua PGI taun 1989 – 2000 (TPK Yogyakarta, 2014). Pak Sularso nate dipun cariyosaken minangka paraga ingkang ngaturaken emas 2 kg ing pungkasaning Orde Baru (kaca 92). Saking ngriku piyambakipun asring nampi pitakenan, “Kenging punapa tumut nyengkuyung pamrintah ingkang dipun wastani awon?” Yoel M. Indrasmoro ing sambutan buku Nabi Bisu (kaca v-vi) nyariosaken Pak Sularso wekdal rawuh wonten satunggal pakempalan, “ditengah kecaman tersebut Pdt. Sularso Sopater, ketua umum PGI, yang juga hadir dalam pertemuan itu terlihat sibuk menulis. Sesekali dia mengangkat kepalanya untuk memperhatikan siapa yang berbicara, untuk kemudian menulis lagi. Dia tidak menginterupsi sama sekali. Pak Sularso hanya menulis.” Salajengipun kaserat, “Sularso pernah dicap sebagai Nabi Bisu oleh beberapa kalangn. Hal ini disebabkan karena ia tidak memberi kritikan-kritikan yang radikal dan tajam kepada pemerintah yang saat itu tidak dapat memberi ketentraman dalam kehidupan beragama.” (kaca 17). Sawetawis taun sasampunipun, Pak Sularso nembe dhawuh, “bukan dia yang menyerahkan emas itu sebagaimana dipahami banyak orang. Penyerahan emas itu dilakukan oleh orang lain. Namun Pak Sularso tidak mau mengatakan identitas orang tersebut. Bagi Pak Sularso, semua itu merupakan resiko pola kepemimpinan yang dianutnya.” (kaca vii). Sanyatanipun, nglampahi kados Pak Sularso, tamtu awrat kangge ngreksa pamanggih lan panggalih ing kahanan punika. Punapa malih ingkang sejatosipun boten dipun lampahi. Kedah saged sabar.

Kitab Yesaya punika ugi nyariosaken Abdinipun Pangeran Yehuwah ingkang boten alok lan ngumbar swara (Ay. 2). Piyambakipun karsa katingal tanpa daya lan boten kumbi ing tanggel jawab sanadyan sejatosipun kagungan panguawos ageng peparinging Allah (Ay. 6). Abdi punika namung cumadhang dhateng sadaya prakawis, boten selak nanging makarya kangge “ngelekake mripat kang wuta, ngwetokake wong ukuman saka ing tahanan sarta para wong kang dumunung ing pepeteng saka ing pakunjaran” (Ay. 7). Manawi dinten punika kita lumebet ing Pekan Suci, kita tamtu emut dhumateng Gusti Yesus. Wekdal Gusti Yesus badhe lumebet ing kutha Yerusalem sadaya dipun adhepi kanthi tatag. Minangka Abdinipun Pangeran Yehuwah, Gusti Yesus nggadhahi tanggel jawab nglampahi ingkang dados ayahanipun. Punapa kita lajeng purun kados cariyos ing inggil? Mangga kita langkung nengenaken makarya lan boten kathah wicanten ingkang boten maedahi. Amin. [WdK].

“Bisaa ngemudheni dhiri” (Gal. 5:23)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak