Waosan: Kolose 1 : 9 – 14 | Pamuji: KPJ. 54
Nats: “Marga saka iku, wiwit aku oleh pawarta mau, ora pegat anggonku ndongakake kowe. Kang daksuwun supaya kowe kaparingana sakabehing kawicaksanan lan kawruh kasukman kanggo nyumurupi bab karsane Pangeran kang kalawan sampurna,” (Ayat 9).
Egois miturut KBBI punika tegesipun tiyang ingkang mburu kapentingan dirinipun piyambak. Tiyang ingkang egois punika asring mboten peka kaliyan situasi kondisi ing sakiwa tengenipun. Mangertosi wonten sederek ingkang kesrakat, piyambakipun mboten tanggap nindakaken punapa-punapa. Punapa malih mboten tepang lan mboten migunani kangge gesangipun, malah sansaya nebih. Prastawa punika asring kita panggihi ing jaman punika, ananging ingkang ndadosaken prihatin, prastawa punika kadadosan ing gesang bebrayatan ugi ing pasamuwan, karana gesang patunggilan ingkang sami donga-dinonga, sangkul-sinangkul ing bot repot, lan reksa-rineksa mboten kalaksanan.
Rasul Paulus paring tuladha kados pundi lampah gesangipun pasamuwan ingkang sakmesthinipun. Ing ayat 9 kasebataken, “Marga saka iku, wiwit aku oleh pawarta mau, ora pegat anggonku ndongakake kowe. Kang daksuwun supaya kowe kaparingana sakabehing kawicaksanan lan kawruh kasukman kanggo nyumurupi bab karsane Pangeran kang kalawan sampurna.” Saking ayat punika kita mangertos bilih rasul Paulus migatosaken kawontenanipun pasamuwan Kolose, matemah pasamuwan ing Kolose saged manggihaken kekiyatan, pangajeng-ajeng, lan kasetyan ing Gusti Yesus. Rasul Paulus purun mirengaken kawontenanipun warga pasamuwan ing Kolose, lajeng piyambakipun nindakaken punapa ingkang saged dipun tindakaken, ingkang condong kaliyan Gusti kagem para sedherek ing Kolose.
Gesang kita ugi kedah migunani kangge sesami kita. Kita kedah nresnani sinten kemawon tanpa mandeng golongan, agami, lan jabatan kados ingkang sampun dipun tindakaken kaliyan rasul Paulus. Kita kedah dados talanging berkah kangge alam donya punika. Mangga kita sami ngraketaken gesang paseduluran. Kita mboten ngrisak paseduluran ingkang sampun kawangun sae. Mekaten ugi anggen kita gesang bebrayatan lan gesang ing pasamuwan, mangga kita tansah gatos migatosaken, sami donga-dinonga, sangkul-sinangkul ing bot repot, lan reksa-rineksan. Temahan kita sedaya saged manggihaken tentrem rahayu wonten ing gesang kita. Mangga kita midangetaken sabdanipun Gusti sarta nindakaken karsanipun Gusti. Amin. [gfc].
“Sami donga-dinonga, sangkul-sinangkul ing bot repot, reksa-rineksan,
lan sami welas-winelasan, temahan kita manggihaken katentremanan”