Nuladha Gusti Pancaran Air Hidup 19 Maret 2023

19 March 2023

Waosan: Yokanan 9 : 1 – 41 | Pamuji: KPJ. 370
Nats: “Paring wangsulane Gusti Yesus: ‘Dudu wong iki lan iya dudu wong tuwane, nanging iku supaya pakaryan-pakaryane Gusti Allah kalairna ana ing wong iku.‘” (Ayat 3)

Jaman rumiyin nitih sepur punika bebas. Sinten kemawon angsal mlebet gerbong sepur, sae punika pedagang asongan, tiyang ngemis, tiyang ngamen ugi masyarakat umum. Wekdal semanten kula nitih sepur saking Jember badhe dhateng Surabaya. Karana boten mbeta sangu sekul, kula tumbas sekul bungkus. Nembe kemawon badhe kula bikak dumadakan wonten lare ngemis ingkang sanjang dereng nedha, sekul bungkus punika kula sukakaken lare punika. Lare punika lajeng mandap saking sepur tumuju dhateng teras stasiun. Ing ngriku wonten lare ingkang langkung alit, kinten-kinten adinipun, sekul punika dipun bikak lajeng dipun sukakaken adinipun punika lan dipun tedha sesarengan, sekedap kemawon meh telas. Sisanipun dipun sukakaken masipun lan dipun tedha ngantos telas.

Ing masyarakat umum taksih wonten pamanggih bilih tiyang cilaka/rekaos, mesthi wonten ingkang salah, wonten ingkang dosa. Mekaten ugi pamanggihipun tiyang-tiyang ing jamanipun Gusti Yesus. Wekdal Gusti mirsa wonten tiyang ingkang wuta wiwit lair mila, para sakabat mboten rumaos mesakaken, ananging malah nyuwun pirsa sinten ingkang salah, sinten ingkang dosa. Lajeng Gusti Yesus paring dawuh: “Dudu wong iki lan iya dudu wong tuwane, nanging iku supaya pakaryan-pakaryane Gusti Allah kalairna ana ing wong iku” (3). Gusti Yesus trenyuh lan thukul welasipun, lajeng nyarasaken tiyang wuta punika. Tiyang wuta punika saged ningali malih lan nyariosaken pakaryanipun Gusti Yesus dhateng tiyang kathah.

Sedaya samukawis ingkang kedadosan ing alam donya punika wonten ing pangrehipun Gusti Allah. Sedaya sampun katata kanthi tujuan lan maksudipun piyambak-piyambak. Sedaya kadadosan punika mujudaken pakaryanipun Gusti Allah, supados manungsa punika sami enget dhumateng Gusti lan sesami. Mboten namung enget, ananging ugi nresnani, simpati lan empati dhateng sesaminipun. Gesang kita punika sejatosipun boten namung kangge kapentingan kita pribadi, ananging gesang kita punika ugi kedah nglampahi pakaryanipun Gusti. Sumangga kita gesang laras kaliyan tuladha ingkang sampun kaparingaken Gusti Yesus dhateng kita. Satemah kita saged gesang suci kadosdene Allah ingkang suci, kanthi makaten kita kalebet tiyang ingkang layak lumebet ing kraton suwarga. Amin. [SW].

“Tresna Gusti Allah kudu tresna sapadha-padha.
Tresna marang sapadha-padha ateges iya tresna marang Gusti Allah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak