Cundhuk Ing Ngarsane Gusti Pancaran Air Hidup 17 Maret 2023

17 March 2023

Waosan: 1 Samuel 15 : 22 – 31 | Pamuji: KPJ. 123
Nats:Nanging Nabi Samuel matur marang Sang Prabu Saul: Kawula boten badhe wangsul nyarengi panjenengan dalem, amargi panjenengan dalem sampun nampik dhateng pangandikanipun Sang Yehuwah; milanipun Sang Yehuwah sampun nampik panjenengan dalem anggen panjenengan dalem dados ratunipun Israel.” (Ayat 26)

Sedaya tiyang ingkang gesang wonten ing donya punika tamtu nate ngraosaken gagal wonten gesangipun. Wonten ingkang gagal ing pendidikanipun, gagal ing gesang bebrayatan, gagal ing pendamelanipun, gagal ing peladosanipun, lsp. Nalika gagal, tanggepanipun saben tiyang punika benten-benten. Kangge tiyang ingkang ringkih imanipun, gagal punika ateges sampun rampung, sampun boten wonten kesempatan malih. Nanging kanggenipun tiyang ingkang kiyat imanipun, gagal punika saged dados sarana kangge mbangun dhiri langkung sae malih. Piyambakipun saged sinau: Punapa ingkang dadosaken piyambakipun gagal? Sarta ngupaya kados pundi caranipun supados piyambakipun boten gagal malih.

Raos gagal punika ugi dipun alami dening Prabu Saul wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah. Lumantar Nabi Samuel, Sang Yehuwah paring pitedah bilih punapa ingkang dipun lampahi dening Prabu Saul punika boten cundhuk kaliyan pangandikanipun Sang Yehuwah. Prabu Saul sampun nampik Sabda Pangandikanipun Sang Yehuwah. Milanipun Sang Yehuwah ugi nampik Prabu Saul dados ratuning Israel. Prabu Saul ingkang dipun tampik dening Sang Yehuwah ngraosaken lepat lan nyuwun pangapura dhumateng Sang Yehuwah lumantar Nabi Samuel. Ananging punapa ingkang sampun dipun lampahi dening Prabu Saul boten dipun tampi dening Nabi Samuel. Prabu Saul ingkang sejatosipun sae, dawah wonten ing kalepatan.

Saking cariyosipun Prabu Saul punika, kita saged sinau bilih sedaya tumindakipun manungsa ing donya punika, Gusti Allah mangertosi. Pramila bilih kita badhe nglampahi sedaya ayahan gesang punika, mangga kita dasari kaliyan sabda pangandikanipun Gusti. Pangandikanipun Gusti punika ingkang nuntun lampah gesang kita. Mangga kita nglampahi gesang kita sarana tumindak becik lan tansah cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Sampun ngantos kita ajrih ngadepi kagagalan, nanging mangga kita tansah nyuwun kakiyatan dhumateng Gusti, supados kita saged ngadepi kagagalan punika lan tangi malih ngupaya kasaenan gesang. Kanthi mekaten Gusti Allah tamtu badhe mberkahi lan nulungi kita. Amin. [AA].

“Becik ketitik, ala ketara”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak