Eling marang Tresna lan Kasetyane Pancaran Air Hidup 15 Maret 2023

15 March 2023

Waosan: Yeremia 2 : 4 – 13 | Pamuji: KPJ. 298 : 1, 3
Nats:Nanging bareng sira wus lumebu ing tanahingSun, iku sira najisake, tanah kagunganingSun sira dadekake jejember.” (Ayat 7)

Wonten paribasan ingkang unenipun mekaten, “Banyu susu kawales banyu tuba” ingkang tegesipun tumindak sae dipun wales kaliyan tumindak awon. Contonipun: Kita paring pambiyantu dhateng sederek kita ingkang ngalami musibah, sak sampunipun sederek kita punika sehat, sanes atur panuwun ingkang kita tampi nanging malah kita dipun kinten wonten pamrihipun, anggen nulungi piyambakipun. Kados pundi raosing manah kita? Tamtu rumaos gela lan kuciwa, kita nulung kanthi tulus malah dipun kinten nggadhahi pamrih.

Paribasan ing inggil punika klop kangge nggambaraken tumindakipun bangsa Israel dhumateng Gusti Allah ing zamanipun nabi Yeremia. Kaserat ing Yeremia 2:7, “Sira wus Sunirid menyang ing tanah kang loh, supaya ngrasakna wohe lan sapametune kabeh kang becik saka ing kono. Nanging bareng sira wus lumebu ing tanahingSun, iku sira najisake, tanah kagunganingSun sira dadekake jejember.” Bangsa Israel punika pirsa tumrap kultus panyembahan dhateng para dewa lan brahala, punika saestu ndadosaken remening manahipun. Lajeng tiyang Israel nyampuraken pangabektinipun kaliyan kultus punika. Ing pungkasanipun tiyang Israel nilaraken Gusti lan dados umat ingkang boten setya. Bangsa punika sampun boten namembah malih dhumateng Gusti, ananging ngetut wingking Brahala. Punapa sebabipun bangsa Isarel gampil nilaraken Gusti? Rupinipun raos kepingin bebas ndadosaken bangsa Israel punika kesupen dhumateng tresna lan kasaenanipun Gusti. Bangsa punika kepingin bebas, seneng – seneng, manut pikajengipun piyambak, tanpa kamomotan tanggel jawab dhumateng Gusti Allah.

Nikmat lan raos bebas punika ugi asring nggodha kita, saengga kita ugi asring kesupen dhumateng sih kasetyanipun Gusti ingkang sampun nebus lan milujengaken kita. Ing mangsa Pra Paskah punika, sumangga kita ngengeti malih bilih Gusti Yesus sampun nebus dosa-dosa kita lan paring kawilujengan dhateng kita. Sejatosipun Panjenenganipun saged kemawon nilaraken tanggel jawab nindakaken karsanipun Sang Rama, ananging karana sih katresnanipun dhateng kita lan kasetyan dhumateng Rama, Gusti Yesus tansah netepi timbalanipun. Pramila sumangga kita ngenget sih katresnanipun Gusti dhateng gesang kita. Kita ugi purun mbales sih katresnanipun Gusti lumantar tumindak gesang kita ingkang tansah ngluhuraken asmanipun Gusti. Amin. [nDrung].

“Dipadha eling yen kasetyan lan katresnane milujengaken kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak