Sampun Samanten Kemawon Pancaran Air Hidup 27 Februari 2023

27 February 2023

Waosan: 1 Para Raja 19 : 1 – 8 │Pamuji: KPJ. 35
Nats:
Dene panjenengane piyambak lumebet ing pasamunan dohe nganti lakon sedina, nuli lenggah ing sangisoring wit rotem. Panjenengane banjur kepingin seda, unjuke : “Sampun samanten kemawon! Sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulung nyawa kawula, sabab kawula punika boten langkung sae katimbang para leluhur kawula.” (Ayat 4)

Raos ajrih punika salah satunggaling emosi dasar kita. Bilih kita taksih saged ngraosaken ajrih, ngartosaken bilih kita punika normal. Ingkang boten normal punika bilih raos ajrih punika sampun nguwaosi lan ngendaleni gesang kita. Raos ajrih ingkang boten normal ndadosaken kita tansah kuatos lan kesupen bilih ingkang ngemudeni gesang kita punika Gusti Allah piyambak. Raos ajrih saged murugaken tiyang boten kersa dahar, boten saged tilem lan pungkasanipun ndadosaken badanipun sakit. Bilih sampun sakit sedayanipun, ndadosaken gesang boten saged lumampah kanthi lancar lan prayogi. Ingkang dados pitakenanipun kados pundi caranipun supados raos ajrih punika boten nguwaosi lan ngendaleni gesang kita?

Waosan ing dinten punika nyariosaken Nabi Elia ingkang ngraosaken ajrih, lajeng tindak ngungsi gesang. Saking lebetipun raos ajrih ingkang dipun raosaken, Nabi Elia ngantos kepingin pejah. “Dene panjenengane piyambak lumebet ing pasamunan dohe nganti lakon sedina, nuli lenggah ing sangisoring wit rotem. Panjenengane banjur kepingin seda, unjuke: “Sampun samanten kemawon! Sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulung nyawa kawula, sabab kawula punika boten langkung sae katimbang para leluhur kawula.” (Ay. 4). Ingkang wigatos kita gatosaken sesarengan inggih punika kados pundi anggenipun Gusti Allah mitulungi Nabi Elia. Gusti Allah nyawisaken unjukan lan daharan kagem Nabi Elia. Ngantos kaping kalih Gusti Allah nindakaken prakawis ingkang sami, inggih punika nyawisaken unjukan lan dedaharan.  Punika kalawau ngartosaken punapa? Unjukan lan daharan punika ingkang murugaken Nabi Elia nggadhahi daya kangge nglajengaken lampahipun tumuju dhateng gunung Horeb.

Gusti Allah boten nate negakaken umatipun. Gusti Allah saged ngginakaken punapa kemawon dados sarana ingkang murugaken kita nggadhahi daya malih kangge nglajengaken pigesangan. Pramila, sumangga kita namung ngandelaken Gusti Allah nalika kita rumaos ajrih. Kita pasrahaken dhumateng Gusti Allah, punapa ingkang murugaken kita nggadhahi raos ajrih. Gusti Allah tamtu badhe nedahaken punapa ingkang dados marginipun. Kadosdene lampah gesangipun Nabi Elia ingkang kepingin mungkasi gesangipun, ananging Gusti malah paring daya kangge nglajengaken gesangipun. Nalika kita ajrih, sumangga sambat namung dhumateng Gusti Allah, matemah Gusti paring daya dhateng kita. Amin. [Life].

“Sesambat dhumateng Gusti ndayani gesang kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak