Waosan: Rut 3 : 1 – 13 ǀ Pamuji: KPJ. 114 : 1, 2
Nats: “Ature Rut marang Naomi: Punapa sapangandika panjenengan badhe kula lampahi sedaya. Sawuse mangkono Rut banjur marani panuton sarta nglakoni apa saprentahe maratuwane kabeh.” (Ayat 5-6).
Carios bab gesang bebrayatan punika maneka werni macemipun, wonten carios ingkang bingahaken, ugi wonten carios ingkang mrihatosaken. Salah setunggalipun bab hubungan antawis marasepuh kaliyan mantunipun. Asring kita mireng cariyos ingkang kirang sae bab punika. Marasepuh lan mantunipun ingkang manggen satunggal griya punika, asring benten pemanggih lan boten cocok. Tamtunipun kita boten kepengin prekawis punika kedadosan ing brayat kita. Mangga kita sinau saking Naomi lan Rut.
Hubungan Naomi kaliyan Rut punika, hubungan antawisipun marasepuh kaliyan mantunipun. Naomi punika piyantun Yehuda, Rut punika piyantun Moab. Nalika semanten Naomi lan brayatipun medhal saking Yehuda tindak dhateng tlatah Moab. Sak sampunipun Elimelekh semahipun Naomi, Makhlon lan Khilyon anakipun Naomi sami pejah, Naomi wangsul malih dhateng Yehuda kaliyan Rut mantunipun. Rut dipun gambaraken dados mantu ingkang sae lan manut dhateng Naomi marasepuhipun. Kados ing waosan kita punika, Naomi atur pitutur dhateng Rut, supados piyambakipun nyelak dhateng Boas, sanakipun. Tradisi ing Israel bilih wonten tiyang jaler ingkang seda, sanak brayatipun ingkang saged nebus. Ayat 1 – 4 nyebataken punapa kemawon ingkang kedah dipun tindakaken Rut supados saged celak kaliyan Boas. Lan sedaya pitedahipun Naomi punika dipun tindakaken Rut.
Naomi lan Rut punika saged dados gambaran ingkang sae bab hubungan antawisipun marasepuh kaliyan mantunipun. Sedaya punika kalandesan kanthi dasar katresnan ingkang utuh. Naomi ngersaaken kabingahanipun Rut, mekaten Rut ugi tansah ngupaya kabingahanipun Naomi. Naomi lan Rut boten namung mikir kangge kabetahan lan kasenenganipun piyambak, nanging tansah peduli lan ngutamiaken kabetahan sanesipun. Naomi lan Rut punika saged dados tuladha kangge kita anggen mbangun gesang ing brayat. Minangka marasepuh, mangga tansah tresna dhateng mantu kados dhateng putra piyambak, mekaten ugi minangka mantu tansah tresna dhateng marasepuh kados dhateng tiyang sepuh kita piyambak. Amin. [AR].
“Gusti Allah tansah mberkahi brayat ingkang kebak ing katresnan.”