Waosan: Yakobus 5 : 1 – 6 ǀ Pamuji: KPJ. 433
Nats: “Kasugihanmu wis bosok sarta sandhanganmu padha kamangsa ing renget.” (Ayat 2)
Wonten ing alam donya punika sinten ta ingkang mboten kepingin gesangipun mulya kanthi kacekapan bandha, sedaya ingkang dipun betahaken tansah keturutan? Tamtunipun kita sedaya kepingin. Bilih sedaya punika sampun katurutan, lajeng punapa ingkang badhe kita tindakaken kaliyan bandha kita punika? Mbok menawi wonten ingkang mangsuli, “Bandha punika badhe kula angge nyekapi sedaya kabetahan gesang kula lan brayat kula, bilih wonten sisanipun badhe kula tabung.” Wonten ugi ingkang mangsuli, ”Sebagian bandha kula punika, badhe kula pisungsungaken lan kula damel mbantu sasami ingkang nandhang kasisahan.” Lan taksih kathah wangsulan sanesipun.
Ing waosan kita punika, Yakobus ngengetaken kita supados kita saged migunaaken bandha kita punika sacara wicaksana. Yakobus sacara khusus ngengetaken para tiyang sugih supados boten ngandelaken bandha donyanipun, awit bandha donya lan kasugihan punika bakal sirna. Emas lan salaka boten wonten ginanipun bilih tiyang punika sampun seda. Milanipun ing nats kita, Yakobus ngendika,“Kasugihanmu wis bosok sarta sandhanganmu padha kamangsa ing renget.” Yakobus ugi ngengetaken supados tiyang sugih punika sami jujur, punapa ingkang dados hak utawi opahing para buruh kedah enggal dipun aturaken, sampun ngantos dipun tahan.
Bilih kita kaberkahan kacekapan lan bandha saking Gusti, mangga kita tansah saos sokur dhumateng Gusti. Mekatena ugi manah kita tetep katuju dhateng Gusti Allah sanes katuju ing bandha utawi berkahipun Gusti kemawon. Bandha ingkang kita nggadhahi punika sejatosipun kagem kamulyanipun Gusti. Swawi kita sadari bilih gesang kita punika kedah kagungan makna. Kita mboten gesang piyambakan nanging ugi gesang kaliyan titahipun Gusti sanesipun. Ing wulan penciptaan punika, kita katimbalan mbangun gesang ingkang maedahi kangge sedaya titahipun Gusti. Mangga kita ngginaaken bandha kita kanthi wicaksana. Kita ginaaken kangge ngrimati lan mbudidaya alam lingkungan, kewan, taneman ing antawis kita. Alam lingkungan punika sampun kacawisaken Gusti Allah kangge kita. Selajengipun kita kaparingan tanggeljawab kangge ngrimati alam lingkungan punika, sampun ngantos kita ngrisak alam lingkungan punika. Mangga kita purun peduli tumrap kelestarian alam lingkungan sak kiwa tengen kita. Mangga kita ginaaken bandha kita kangge sarana lestarining alam lingkungan punika. Sarana cara punika, punapa ingkang kita tindakaken namung kagem kaluhuran-Ipun Gusti. Amin. [HG].
“Lestarinipun alam lingkungan punika dados tanggeljawab kita manungsa.”