Waosan: Ibrani 11 : 13 – 22 | Pamuji: KPJ. 161
Nats: “Marga saka pracaya Rama Abraham nalika kacoba, ngurbanake Iskak. Panjenengane, kang wus kaparingan prasetya, lila ngurbanake putrane ontang-anting, … ” (Ayat 17).
Rikala mapak dinten Natal, ing salah satunggaling pasamuwan, para warganing pasamuwan sami kaajak nderek nyengkuyung dana kangge ngawontenaken panghargyan Natal. Nalika proposal dipun edaraken, sedaya sami mboten enggal-enggal nyerat, sapinten agengipun dana ingkang dados janji imanipun. Kenging punapa? Amargi sami ngrantos pinten agengipun dana saking tiyang ingkang nyerat wiwitan ing proposal kalawau, lajeng mesthi kepengin sami ngungkuli satunggal lan sanesipun. Kepengin dados ingkang paling unggul lan paling ageng anggenipun nyerat agenging dana ing proposal kalawau. Swawi kita galih wonten gesang kita, sejatosipun sepinten agenging pengurbanan kita, ingkang sampun kita aturaken wonten ngarsanipun Gusti lumantar gesang kita padintenan? Sae ing brayat, greja, saha lingkungan masyarakat. Punapa kita saged nindakaken kadosdene Rama Abraham ing waosan kita? Mboten tanggung-tanggung, ingkang dipun pisungsungaken, inggih punika putra ontang-antingipun, Iskak. Punapa wonten ingkang saged nglangkungi Rama Abraham?
Ing waosan kita dinten punika cetha sanget, bilih punapa ingkang dipun tindakaken dening Rama Abraham inggih punika gambaran saking iman lan kapitadosanipun ingkang saestu dhumateng Gusti Allah. Senadyan toh, ingkang dipun aturaken punika putra ontang-antingipun, nanging Rama Abraham tetep setya tumrap sabdanipun Gusti Allah. Sedaya punika wujud kasetyanipun Rama Abraham ndherek tut wingking ing pakaryanipun Gusti Allah tumrap alam donya. Awit saking kasetyanipun, Rama Abraham saged nampi sedaya prasetyanipun Gusti Allah dhateng piyambakipun, bilih piyambakipun badhe kagungan tedhak turun ingkang kathah sanget.
Kita sedaya ugi nampi timbalan ingkang sami, inggih punika kedah ndherek tut wingking sedaya pakaryanipun Gusti Allah. Senaosa timbalan kita benten kaliyan Rama Abraham, ingkang dipun suwun ngurbanaken putra ontang-antingipun, nanging kita kedah nggadhahi wangsulan ingkang sami kados Rama Abraham. Rama Abraham mangsuli sedaya timbalanipun punika kanthi iman lan kapitadosan ingkang saestu, mboten satugel-tugel. Mangga kita tansah pitados bilih Gusti Allah mesthi kagungan kersa ingkang endah kangge saben manungsa. Gusti Allah mboten badhe negakaken kita umat kagungan-Ipun. Amin. [TpJ].
“Padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah!”