Waosan: Galatia 3 : 23 – 29 | Pujian: KPJ 212
Nats: “Nanging saiki pracaya iku wus teka, dadine kita wus ora kabawah maneh ing pangreksane pamomong.” (Ayat 25)
Pak Dursila: “Dadi pandhereke Gusti iku penak poll lho pak, ora perlu nyapo-nyapo, angger pracaya dhumateng Gusti Yesus, mesthi dadi ahli warise!”
Pak Tulus: “Lha mila ta pak? Kok ya entheng temen pak?”
Pak Dursila: “Wah pripun ta panjenengan, Paulus paring piwucal bilih, Pracaya marang Gusti Yesus Putraning Allah punika – khan mesthi tampa warise Kraton Swarga ta pak (Gal. 3:26)”
Pak Tulus: “Wah… sekedhap pak, sampun ngantos kita minangka pandherekipun Gusti salah tampa kaliyan sabda ing kitab suci punika, pak”
Pak Dursila: “Salah tampa pripun ta pak Tulus?”
Pak Tulus: “Mangga Pak sinau sesarengan sesambetan kaliyan Galatia 3 punika:
- Sak derengipun Gusti Yesus rawuh, para tiyang Yahudi punika mranata gesang manut kaliyan pranataning angger-anggering Toret. Bab punika minangka pamomong awit kathah panerak-panerak kang dilampahi manungsa. Conto, kados panjenengan ngemutaken kang putra supados ngabekti, nedahaken mbok bilih piyambakipun asring nerak timbalan pangabekti, pramila kedah diemutaken.
- Pangangkah punika dipun tampi kanthi beda. Pamanggih ingkang tuwuh nggih punika kawilujengan ingkang sejati punika karaosaken nalika nggondheli lan nglampahi angger-anggering Toret lan dados tiyang Yahudi (Pamanggih ingkang cekak), kamangka angger-angger punika mung saderma piranti/ pamomong supados manungsa saged sinau babagan iman kanthi temen. Bab punika ndadosaken iman kadosdene imane bocah ingkang saged nglampahi becik mung karana angger-angger!
- Paulus ngatag supados Pasamuwan Galatia dados pasamuwan ingkang dewasa, awit sampun pracaya kaliyan Gusti Yesus. Wujuding pracaya nggih punika nglampahi punapa kang dados piwucaling Gusti. Lan sadaya punika kalampahan karana kasadaran-kadewasan. Bab punika nedahaken, minangka pandherekipun Gusti mboten ateges namung thenguk-thenguk!
Pak Dursila: “Mmmm …. Tibakne ngaten nggih pak, wah kliru tibane aku, pak!”
Pak Tulus: “Mboten punapa, mangga sinau dados dewasa-iman Pak.” Gusti mberkahi kita. Amin. [gus].
“Aku nglakoni bab kang becik, karana aku ngerti yen iku pancen becik.”