Karancang Kanthi Endah Pancaran Air Hidup 9 Desember 2022

9 December 2022

Waosan: Rut 4 : 13 – 17 | Pamuji: KPJ. 109
Nats:Pinujia Sang Yehuwah, dene ing dinten punika kanthi legawaning panggalih maringi juru panebus dhateng panjenengan, …” (Ayat 14b).

Sapa manungsa kang ora nate nandang kasusahan? Mesthine ora ana. Kanggo wong kang uripe sarwa cukup lan bungah, sak ora-orane, nate ngalami kasusahan pisan ing selawase urip. Sepira akehe manungsa kang nalika nandang susah lan sangsara tansah setya ngadhepi kanthi jejeg lan mantep ing kayekten? Coba ditingali ing sakiwa tengen kita apa ana kang kaya mangkono? Kita kabeh iki kalebu sing kaya mangkono apa ora? Urip neng donya iku pancen kebak kangelan. Akeh reribed kang isa kita adhepi, nanging uga akeh kang ndadekake urip kita mupus. Ana kang dadi ajur nalika ngadhepi kangelan lan ana kang tansaya kuat lan santosa sakrampunge reribed sumingkir.

Reribed kang abot nate katanggung dening Naomi lan Rut. Kita mangerti kaya ngapa pait lan petenge uripe Naomi nalika anak lan bojone ditimbali Gusti. Nanging, Naomi dadi conto ngupadi urip kang endah, nganti Rut kang dadi mantune ora kepengin ninggal Naomi ijenan. Kepara malah ndadekake Gusti Allah kang kasembah Naomi uga dadi sesembahane. Naomi lan Rut ngadhepi kanyatan pait ora ijenan, nanging pracaya yen tinunggil lan tinuntun ing Gusti. Wusasane, ing waosan dina iki kita ngerti yen Naomi nampeni berkah gedhe. Apa kang dadi paite lan petenge urip, wus kaganti kanthi berkah kang endah. Obed, bayi kang kalairake saka Rut lan Boas iku dadi juru panebus kang dadi sumbering kabungahan lan katentremaning Naomi ing yuswa sepuh. Berkah gedhe saka Gusti Allah lumantar laire Obed ora mung dirasakna brayate Naomi, Rut lan Boas, nanging uga bangsa Israel amarga Dawud, putune Boas bakal dadi raja kang misuwur ing Israel.

Lelampahane Naomi lan Rut dadi tuladha kanggo kita kang ngadhepi reribed. Percaya yen urip iki karancang kanthi endah dening Gusti bakal ndadekake kita jejeg lan mantep ngadhepi reribed lan ora gampang keli ing arusing donya kang nyeret kita nilar Gusti. Mulane, payo tansah yakin yen Gusti ora nate sare lan nilar abdine. Panjenengane wis ngrancang urip iki kanthi endah, aja nganti karusak dening kita. Ditansah waspada ngadhepi sandhengah perkara, karana iku kang bakal ngetohake woh kabecikan. Adven iki ngengetake kita, supaya mapag rawuhe Gusti sikap ingkang eling lan waspada. Amin. [KRW].

“Gusti wus ngrancang urip kanthi endah,
ditansah eling lan waspada ngadhepi urip amarga iku kang bakal ngetohake kabecikan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak