Ora Mokal Pancaran Air Hidup 7 Desember 2022

7 December 2022

Waosan: Purwaning Dumadi 15 : 1 – 18 ǀ Pamuji: KPJ. 133: 1 & 3
Nats:Sira tumengaa marang ing langit lan lintange etungen, yen sira bisa ngetung cacahe …. Iya samono bakal cacahe turunira.” (Ayat 5)

Ing jaman samangke, pitados kalian prekawis ingkang mokal kelampahan tamtu boten gampil. Punapa malih menawi prekawis punika dereng nate kedadosan ing alam donya utawi dereng wonten buktinipun. Conto bab manungsa ingkang saged mabur tanpa migunakaken sarana punapa – punapa, tampu prekawis punika awrat dipun tampi dan dipun pitados kalian tiyang kathah.

Semanten ugi bab kagungan putra ing yuswa sepuh, tamtu ugi dados prekawis ingkang awrat dipun tampi lan dipun pitados. Pramila, Rama Abraham boten pitados nalika Gusti Allah paring prasetyan bab putra dhumateng piyambakipun, awit Rama Abraham sampun yuswa satus taun lan Ibu Sara semahipun, yuswa sangang dasa taun. Ananging Gusti Allah Mahakwasa, punapa ingkang mokal kangge manungsa, boten mokal kegem Gusti. Ing wusana, Rama Abraham lan Ibu Sara kaparingan putra ingkang kaparingan asma Ishak. Lumantar Ishak, tedhak-turunipun Rama Abraham kados dene lintang ing mega. Gusti Allah netepi prasetyanipun.

Prekawis ingkang kados mekaten sejatosipun ugi sami kelampahan ing gesang kita. Gusti Allah ingkang Mahakwasa tamtu ugi paring panuntun, pangreksa, lan pangluaran dhumateng kita sami. Kita ingkang saweg ngraosaken prekawis – prekawis awrat, ingkang mbok bilih karaosaken boten saged dipun pungkasi. Ananging, sadaya prekawis ingkang mokal, dados boten mokal menawi kita pitados, pasrah, lan sumarah dhumateng Gusti Allah.

Pramila, ing mangsa Adven punika kita dipun ajak tansah pitados lan ugi waspada. Pitados bilih sadaya rancangan lan pakaryanipun Gusti Allah punika sae kangge kita para manungsa. Waspada dhumateng ombaking donya, supados kita boten dumawah ing dosa saha tansah ngraosaken prekawis–prekawis gesang ingkang adi peparingipun Gusti, khususipun rawuhipun Sang Putra, Gusti kita Yesus Kristus. Amin. [7us].

“Aja wedi, ing Astane Gusti ora ana barang kang mokal. Pramila, pracayaa!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak