Waosan: Lelakone Para Rasul 1 : 12 – 26 | Pujian: KPJ. 222:1,3
Nats: “Kabeh padha saiyeg anggone mempeng ing pandonga, bebarengan karo wanita sawatara sarta ibu Maryam, kang ibune Gusti Yesus, tuwin para sadhereke Gusti Yesus.” (Ayat 14).
Ing satunggal wekdal, Petruk kautus Ramanipun nanem taneman pring ing kebon wingking griyanipun. Antawis 4 tahun anggenipun nyirami saha maringi pupuk, jebul dereng wonten tandha-tandha taneman pring punika tukul. Lumebet ing taun kaping 5, sanadyanta Petruk ngraosaken semplah karana rumaos gagal anggenipun nanem taneman pring kalawau, Petruk tetep nyoba nyirami saha maringi pupuk kangge tanemanipun punika. Seminggu lumampah, tanemanipun katingal tukhul alit, ing pundi punika bingahaken batosipun Petruk. Pirsa kawontenanipun Petruk ingkang bingah, Ramanipun Semar paring wejangan, “Le, Petruk… ayo nyinau saka taneman pring. 5 taun suwene anggonmu nandur ora katon tuhukule kuwi ora ateges kowe gagal. Pring butuh 5 taun kangge nukulke oyod supaya besuk nalika wus thukul lan tuwuh, oyod’e rosa lan tanemane ora gampang ambruk nalika udan-angin. Mula urip kudu sabar lan ngoyot kangge ngadhepi udan-angining urip, ben ora owah.”
Kawontenanipun para sakabat sasampunipun katilar dening Gusti Yesus estu ngraosaken ajrih sumelang. Mila ing ayat 13, para sakabat sami ngempalan ing satunggal griya lan boten nyumurupaken dhirinipun. Awit para sakabat sami kaincim, wonten gegayutan ingkang raket kaliyan Gusti Yesus. Ing sajroning kawontenan ingkang ngajrihi punika, para sakabat sami saiyeg ing pandonga. Tumindak mekaten boten ateges para sakabat sami nyerah lan pasrah ing kahanan, nanging para sakabat sami nganti-anti tedhakipun Sang Roh Suci ingkang sampun kaprasetyaaken dening Gusti Yesus. Roh Suci punika ingkang badhe maringi kesanggeman kangge para sakabat martosaken Injil sarta nindakaken pakaryanipun Gusti ing pundia kemawon.
Lumebet ing sasi Desember punika, kita sami nglampahi mangsa Adven ing kalender liturgis GKJW. Mangsa Adven punika ateges mangsa panganti-anti marang rawuhipun Gusti Yesus ing alam donya mawi prastawa Natal. Sinau saking para sakabat, ing mangsa panganti-anti, para sakabat sami saiyeg dedonga anggenipun nyawisi dhiri kanthi mantep nampi tedhakipun Sang Roh Suci, mekatena ugi kita. Kadya taneman pring, saderengipun tukhul pring nuwuhaken oyod ing jeruning siti kanthi rosa satemah udan-angin boten bakal ngrubuhake pring punika. Sumangga kita tansah ngoyod ing Gusti Yesus kanthi saiyeg ing dedonga sesarengan brayat, pasamuwan uga sedherek-sedherek tunggil iman, nyawisi dhiri nampi rawuhipun Gusti Yesus! Amin. [mojo]
“Dinganti ngoyod lan kabangun ana ing Panjenengane!”