Mangertos vs Wanuh Pancaran Air Hidup 1 November 2022

1 November 2022

Waosan: Efesus 1 : 11 – 23 | Pujian: KPJ 87:1
Nats:… supaya Allahe Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Sang Rama kang asipat mulya iku, karsa paring Rohing kawicaksanan lan wahyu marang kowe satemah kowe banjur wanuh marang Panjenengane kanthi sabenere.” (Ayat 17).

Rama : “Sin, sampeyan apa tepang karo Mira?”
Sintha : “Wah, yo tepang banget, kan viral banget!”
Rama : “Lhaa, mesthine sampeyan rak ngerti sifate kepiye? Alamat omahe ngendi?”
Sintha : “Hmmm.. yen sifate jarene apik sih, yen omahe …. Aduh endi yaa… ora ngerti aku.”

Saking wicantenan ing inggil, kita sumerep bilih Sintha namung mangertos tiyang ingkang naminipun Mira nanging boten nate wanuh Mira. Bab mangertos lan wanuh punika nggadhahi teges ingkang benten. Mangertos punika bab asumsi kang winates lan dereng tamtu wanuh. Bilih wanuh punika mesthi mangertosi awit tiyang ingkang wanuh sacara pangertosan linangkung sae. Lajeng gegayutan kaliyan iman, punapa kita punika estu wanuh kaliyan Gusti? Katah tiyang pitados ingkang rumaos wanuh Gusti, awit piyambakipun ngabekti lan leladosan dhumateng Gusti kanthi sregep. Pranyata sadaya punika boten saged dados jaminan tiyang punika estu wanuh kanthi leres sinten Gusti punika.

Rasul Paulus tansah saos sokur dene pasamuwan Efesus estu setya ing pracaya saha tresna dhateng para suci. Rasul Paulus ugi dedonga supados warga pasamuwan Efesus estu wanuh dhateng Gusti kanthi bener. Awit punika minangka kunci utami kangge pasamuwan nindakaken peladosan ing sajroning tantangan. Wanuh dhateng Gusti punika ugi nuntun gesangipun pasamuwan ing kawicaksanan. Pasamuwan kasagedna mandeng rancangan lan pitulungan saking Gusti Allah tumrap umat kagunganipun. Mila pasamuwan Efesus tansah kaparingan padhang ing batos, satemah saged nyekseni pakaryanipun Gusti Allah ingkang ngedab-edabi.

Pancen boten gampil anggenipun kita ngupaya kanthi temen supados wanuh Gusti Allah kanthi bener. Ananging ing sajroning gesang kita ingkang winates, kita tansah kapitulungan dening Sang Roh Suci ingkang nuntun gesang kita, satemah kita kasagedna wanuh Gusti kanthi bener. Sumangga kita purun wanuh Gusti kanthi bener, awit kita badhe mangertos karsa-Nipun, mangertos rancangan-Ipun. Mangga kita gesang laras miturut Sabdanipun, sarta budidaya gesang mursid ing ngarsanipun Gusti. Amin. [mojo].

“Aku iki pangon kang utama sarta Aku niteni kang dadi wedhus-wedhus-Ku
lan wedhus-wedhusKu padha wanuh marang Aku.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak