Gustine Punapa Peparinge? Pancaran Air Hidup 15 Oktober 2022

15 October 2022

Waosan: Jabur 121 : 1 – 8 | Pujian: KPJ. 106
Nats: “Pangeran Yehuwah iku kang ngreksa kowe, Pangeran Yehuwah iku pangayomanmu ana ing tengenmu.” (Ayat 5)

Wonten perangan pandonga lare enem ingkang mekaten suraosipun:

“Gusti Yesus, kula nyuwun dipun paringi kasarasan nalika kula sakit,
Kula nyuwun dipun paringi kasugihan supados kula mboten kacingkrangan,
Kula nyuwun dipun paringi panglipuran nalika ngalami kasedhihan,
Mugi Gusti maringi punapa ingkang dados panyuwun kawula. Amin.”

Ibunipun ingkang mirengaken pandonga putranipun punika lajeng paring wangsulan, “Ngger… ibu seneng nyawang sampean sregep ndedonga, ning ana bab-bab sing perlu digatekne:

  1. Ndedonga marang Gusti iku pancen dhasaring iman, ning anggen ndedonga iku ora meksa apa kang dadi karepe awake dhewe.
  2. Ndedonga iku masrahke kahanan urip sing awake dhewe alami supaya Gusti ingkang mranata miturut apa kang dadi rancangane Gusti dudu rancangane awake dhewe.
  3. Ndedonga iku pracaya yen Gusti wus nyawiske kang paling becik, dadi ora prelu ngajari Gusti.
  4. Yen ndedonga mung kepengen nuruti apa kang dadi kekarepane awake dhewe, aja-aja awake dhewe ora tresna marang Gustine, ning awake dhewe mung tresna marang peparinge Gusti bae. Kuwi ora bener.”

Gegayutan kaliyan momotaning gesang, asring ndadosaken kita para pandherekipun Gusti namung ngarah supados momotaning gesang kita punika enggal luwar. Kita mboten ngarah kaliyan punapa ingkang dados karsanipun Gusti ing satengahing momotan punika. Ing waosan kita punika Sang Juru Mazmur mujudaken pangatag tumrap bangsa Israel ingkang ngalami babagan ingkang awrat anggen mujudaken pisowanan ing ngarsanipun Gusti. Sang Juru Mazmur punika paring pangatag bilih Gusti Allah punika (1) Sang murbeng dumadi/ etuking panguwaos, (2) etuking pangayoman sejati, lan (3) etuking kasetyan ingkang mboten negakaken. Sejatinipun menawi kita minangka pandherekipun Gusti ngugemi ingkang makaten, tamtunipun ing manah kita tuwuh raos pitados ingkang manteb lan tansah ngener kaliyan Gusti mboten kaliyan peparingipun Gusti kemawon! Mugi kita sami dados salah satunggaling tiyang ingkang kados mekaten. Gesang tansah ngener dhumateng Gusti. Amin. [gus].

 “Iman kang sejati iku nggondheli pranatane Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak