Diundang Kenduren Pancaran Air Hidup 13 Oktober 2022

13 October 2022

Waosan: Lelakone Para Rasul 17 : 22 – 34 ǀ Pamuji: KPJ. 357
Nats:
“Jalaran kita punika gesang wonten ing Panjenenganipun, kita ebah, kita wonten, kadosdene ingkang ugi sampun kapratelakaken dening para pujangga panjenengan, … ” (Ayat 28)

Ing sawetawis panggenan nggadahi tradisi kendurenan. Menawi wonten saking kita ingkang nate utawi malah asring dipun undang kenduren kaliyan tetanggi kita. Ingkang asring dados pitakenan, punapa tiyang Kristen punika angsal nderek acara kendurenan? Menawi dipun pirsani wonten ing KBBI kenduren punika tegesipun wujud saos sokur awit berkah ingkang dipun tampi saking Gusti. Wujud saos sokur punika dipun tindakaken kanthi ndedonga sesarengan kalajengaken sami mbagi tetedhan dhateng tanggi tepalih. Kenduren punika tradisi asli Indonesia, sanes tradisi salah satunggaling agama. Menawi kados mekaten, tamtu tiyang Kristen angsal kemawon nderek kenduren karana punika saged dados wujudipun toleransi gesang sesarengan wonten ing masyarakat. Kados paribasan “dimana bumi diinjak, disitu langit dijunjung.” 

Nalika wonten ing kutha Atena, rasul Paulus paring piwucal bab Gusti Yesus lan bab patangenipun wonten ing pasar-pasar kados para filsuf Yunani sanesipun. Karana piwucalipun punika dados piwucal ingkang enggal, matemah Paulus dipun timbali dhateng Areopagus. Areopagus punika sidang ingkang isinipun para panguwasa Atena ingkang kagungan tanggel jawab ngurusi bab kabudayan lan moral wonten ing kutha Atena. Ing ngajengipun Areopagus, rasul Paulus paring pangertosan bab Gusti Yesus miturut pemanggihipun para tiyang Yunani bab para dewa. Bilih Gusti Yesus punika ingkang nitahaken alam donya saisinipun, ingkang paring gesang sarta sadaya kabetahanipun manungsa. Punapa ingkang dipun wucalaken Paulus punika saged dipun tampi lan dipun mangertosi dening para Areopagus, wonten tiyang ingkang pitados lan ugi wonten tiyang ingkang nolak.

Kita sadaya dipun timbali supados dados berkah tumraping sadaya titah. Mekaten ugi nalika Gusti sampun mapanaken kita wonten ing panggenan kita samangke tamtu wonten rancanganipun Gusti supados kita saged dados berkah lan sumbering tentrem rahayu ing panggenan punika kanthi mangertosi kabudayan lan tradisi. Pramila nalika kita dipun undang kenduren, rawuh kemawon lajeng ngastha oleh-oleh ingkung. Amin. [cha].

“Gusti mapanaken kita ing panggenan samangke supados dados berkah lan sumbering tentrem rahayu.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak