Tanggi Tepalih kang Kinasih Pancaran Air Hidup 7 Juni 2022

7 June 2022

Waosan: 1 Korinta 2 : 12 – 16 ǀ Pamuji: KPJ. 357 : 1
Nats:
“…. anggonku ngrembug bab sih-kamirahane Gusti Allah iku nganggo tetembungan kang ora diwulangake marang aku kabeh dening kawicaksananing manungsa, nanging dening Sang Roh.” (Ayat 13b).

Kacariosaken wonten pangon mendha lan tanggi tepalihipun ingkang kagungan segawon. Asring segawon punika njaraki mendha ingkang dados ingon-ingon punika, ngantos kathah ingkang mati. Lajeng pangon mendha punika cariyos dhateng tanggi tepalihipun punika, ananging mboten dipun pitados bilih mendhanipun mati krana segawonipun. Pangon punika lajeng tindak dhateng pengadilan lan lapor bilih wonten kasus ingkang kados mekaten. Wangsulanipun hakim punika: “Tanggi tepalih panjenengan saged dipun ukum lan panjenengan pikantuk ganti rugi, ananging panjenengan kecalan tanggi tepalih. Pundi ingkang panjenengan pilih, tanggi tepalih raos dulur utawi mungsuh?”

Waosan kita nyariosaken bilih umat kagunganipun Gusti punika, tindak tandukipun kalandesan kawicaksanan saking Sang Roh Suci. Kosokwangsulipun manungsa kadagingan boten nampi kawicaksanan saking Rohing Gusti. Kados dene pitakenan saking pak hakim kalawau, manungsa kadagingan mesthi bakal milih pikantuk ganti rugi lan tanggi tepalihipun pikantuk paukuman krana sampun ndadosaken rugi usahanipun pangon punika. Piyambakipun mboten saged mikir bilih piyambakipun sampun kecalan tanggi tepalih lan dados mungsuh ing gesang bebrayan. Tindakan punika benten kaliyan salah satunggiling wujud Roh Suci wonten ing gesanging manungsa, mesthi bakal milih paseduluran katimbang raja brana/banda donya. Krana piwulangipun Gusti Yesus punika dados cirinipun, saged lampahi gesang sesarengan kaliyan sesami tanpa crah utawi memengsahan.

Kita ingkang manggen ing Indonesia, katah maneka warni prakawis ingkang benten, ananging lumantar benten punika, kita kautus Gusti dados umat kagunganipun ingkang tansah ngutamiaken paseduluran. Langkung-langkung kita saged mujudaken katresnan ingkang tanpa winates, supados kathah manungsa ingkang saged ngraosaken katresnan saking Gusti. Sumangga kita tansah pitados bilih kita saged dados sarana nglantaraken paseduluran ingkang endah ing satengahing wulan kesaksian dan pelayanan punika. Namung dhumateng Gusti kemawon, kita masrahaken gesang kita satemah kita purun dipun agem kagem kamulyaning Gusti Allah. Amin. [dea].

“Paseduluran nuwuhake ayem tentrem, memengsahan nuwuhake crah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak