Waosan: Yokanan 14 : 8 – 17, 25 – 27 | Pujian: KPJ. 120
Nats: “Unjuke Filipus: “Gusti, kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama punika, supados kawula sami marem.” (Ayat 8).
“Bapak … ndherek tanglet griyanipun Bu Melati ing pundi nggih?” atur Bu Mawar. “Walah … mangga kula dherekaken, griyanipun bu melati wonten ing gang ngajeng punika.“ “Oh … nggih matur nuwun lho pak”. Lumantar babagan punika saestu kita pirsa: (1) Tiyang ingkang ndherekaken Bu Mawar punika tiyang ingkang sae, awit kersa paring pitulungan. (2) Bu Mawar kedah kersa ndherek tiyang kalawau supados Bu Mawar saged dumugi ing papan ingkang katuju, menawi Bu Mawar mboten kersa ndherek, tamtu Bu Mawar mboten saged dumugi ing papan kang katuju, sanadyan wonten tiyang ingkang sampun kersa paring pitulungan.
Ugi mekaten nalika sakabatipun Gusti Yesus nyuwun pitedah dhumateng Gusti Yesus babagan Sang Rama! Gusti Yesus kanthi cetha paring wangsulan bilih ing salebeting Panjenenganipun menawi para sekabat saestu kersa gatosaken, saestu badhe mirsani Sang Rama! Ing waosan punika Gusti Yesus paring gambaran bilih Panjenenganipun punika “margi” (Yun:Hodos) ingkang ngemu ateges tata cara nglampahi ing pigesangan. Pramila bab margi punika mboten nedahaken babagan panggonan (pasif), ananging babagan sifat kang kaejawantahaken (aktif). Sacara cetha menawi kagungan pangajeng-ajeng wanuh kaliyan Sang Rama, tata gesang kita kedah mbangun miturut kaliyan tata gesangipun Gusti Yesus.
Gusti Yesus paring pitedah ingkang mekaten supados para sakabat lan para pandherekipun punika mboten namung netepi babagan karohanen winates ing bab rutinitas kemawon, ananging saestu netepi kanthi lampah gesang ingkang tansaya memper kaliyan tata gesangipun Gusti. Pramila tansaya cetha Gusti Yesus paring dhawuh bilih tiyang ingkang temen pracaya kaliyan Panjenenganipun, tamtu ugi kanthi temen nindakaken sadaya ingkang sampun dipun tindakaken dening Gusti! (Yok. 14:12).
“Gusti … nyuwun pirsa, nampeni gesang langgeng punika ing pundi nggih?”
“Urip langgeng? Ayo melua Aku lan tindakna apa kang wus daklakoni!”
“Inggih Gusti, kula sumadya ndherek Paduka, matur nuwun.”
Tansah eling a, sanadyan pitedah sampun dipun paringaken, ananging menawi pitedah punika mboten dipun tindakaken kanthi temen, punika namung winates dados klangenan. Amin. [gus].
“Urip iku mung sadermo nglakoni apa kang dadi karepe Gusti.”