Maturnuwun Sampun Dipuntresnani! Pancaran Air Hidup 15 Mei 2022

15 May 2022

Waosan: Yokanan 13 : 31 – 35 | Pamuji: KPJ. 331
Nats:
“Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresna-tinresnanana uga.” (Ayat 34).

Wonten salah satunggiling tetembangan ingkang nggadahi irah-irahan Karena Cinta. Tembang punika nggadahi lirik ingkang endah sanget. Mekaten cuplikanipun …

Dan bila aku berdiri, tegar sampai hari ini
Bukan karenaku atau hebatku
Semua karena cinta, semua karena cinta
Tak mampu diriku dapat berdiri tegak
Terima kasih cinta

Tembang punika paring gambaran bab manungsa ingkang sadari bilih sadaya proses ing pigesangan saged dipun langkungi kanthi jejeg lan mantep, mboten amargi kakiyatan dhiri pribadi, nanging amargi katresnan ingkang sampun dipun tampi. Katresnan punika ingkang dados sumbering kekiyatan lan semangat. Katresnan punika ugi ingkang tansah dados sumbering inspirasi, lajeng njalari maneka werni pambudidaya ingkang adi. Katresnan ingkang karaosaken dening manungsa punika saged dipun wastani salah satunggiling wujud berkah ingkang asalipun saking Gusti. Berkah ingkang mboten saged katingal dening mripat kajasmanen, nanging saged karaosaken ing driya.

Waosan kita ing wekdal punika paring pepenget bilih Gusti Yesus ngersakaken supados katresnan punika tansah lestantun ing gesanganipun para manungsa. Katresnan ingkang tulus kadosdene katresnan ingkang sampun kawedharaken dening Gusti. Katresnan ingkang sayekti kadosdene ingkang sampun kita tampi. Katresnan ingkang tansah ngrimati pigesangan kita sami. Amargi katresnan punika, Gusti tansah njagi kita saking maneka werna rubeda lan paring kawilujengan. Satemah, kita saged tansah saos sokur ing ngarsanipun Gusti amargi sampun dipun tresnani.

Para kekasihipun Gusti, raos sokur kita punika saged kawujudake lumantar kasedyan kagem njagi lan ngrimati relasi kita kaliyan Gusti. Kita ugi saged mujudaken raos sokur kita punika lumantar sikap manah ingkang tansah andum katresnan dhateng sesami. Kasetyan lan kasedyan kita kagem netepi pepakenipun Gusti bab katresnan punika saged dados sumbering raos sokur ugi saged sarana kita mujudaken pangucap sokur. Maturnuwun Gusti sampun dipun tresnani! Amin. [xie].

“Manunggaling kawula Gusti.”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak