Kahanan Ora Dadi Alangan Pancaran Air Hidup 21 April 2022

21 April 2022

Waosan: Lelakone Para Rasul 5 : 12 – 16 ǀ Pamuji: KPJ. 339
Nats:
“Anadene para rasul padha nganakake pratandha lan mukjijat akeh ana ing antarane wong akeh. Kabeh wong kang padha pracaya tansah padha nglumpuk ana ing Bangsal Suleman ing sajrone patunggalan kang raket.” (Ayat 12). 

Asring nalika kita ningali kawontenan greja kita piyambak, tuwuh raos kepingin kados kawontenan greja sanes. Kepingin kagungan gedung greja ingkang sae, ingkang wonten alat musik lan piranti elektronik ingkang modern, mlebet greja kraos asrep awit wonten AC-nipun. Sinaosa menawi dipun raosaken kanthi saestu kawontenan greja kita tasih langkung sae tinimbang pasamuwan sanesipun ingkang sarwa winates kawontenanipun nanging taksih setya anggenipun mangun pangabekti dhumateng Gusti.

Tamtu menawi dipun bandingaken, kawontenan pasamuwan ing jaman sak mangke langkung sae tinimbang kawontenan pasamuwan wiwitan jaman para rasul. Kawontenan pasamuwan ing jaman para rasul sarwa winates. Pasamuwan taksih dereng gadah papan kangge ngabekti, mila kedah makempal wonten ing Bangsal Suleman. Sinaosa taksih pasamuwan ingkang alit, para tiyang pitados punika paring pengaruh ingkang ageng ing jaman semanten. Para Rasul paring pratandha lan mukjijat dhumateng tiyang kathah (ay. 12). Sinaosa patunggilan alit nanging saged dipun ajeni tiyang kathah (ay. 13). Sinaosa kawontenanipun winates nanging saged narik tiyang kathah kangge nderek lan pitados dhumateng Gusti Yesus (ay. 14). Mekaten ugi kawontenan pasamuwan ing wiwitan saged dipun raosaken dening tiyang kathah ngantos ing njawi kitha. Para Rasul saged ngetingalaken katresnanipun Gusti Allah kanthi nyarasaken tiyang sakit lan nundhung dhemit (ay. 15-16). Sadaya punika saged kalampahan awit Gusti Allah piyambak ingkang makarya ing salebeting pasamuwan.

Puji syukur menawi kawontenan greja kita langkung dangu langkung sae. Punika inggih berkahipun Gusti, supados kita saged paring peladosan ingkang sae dhateng para warganing pasamuwan. Nanging kita sadaya kaemutaken bilih katresnanipun Gusti kedah kababar ing tiyang kathah. Pasamuwan kaajak boten namung mikir kawontenan ing lebet greja kemawon, nanging ugi kawontenan ing sak njawinipun greja, ing pundi taksih kathah tiyang betahaken katresnanipun Gusti Allah. Kita manungsa punika sarwa winates, nanging pangwaosipun Gusti Allah boten winates. Gusti Allah saged makarya wonten ing sadengah kawontenan. Sumangga kita umat kagungaipun ingkang tansah seken anggenipun nindakaken ayahan timbalanipun Gusti kanthi mbabaraken katresnan ing gesang kita sami. Amin. [M@Ul].

“Omah genteng saponono, abot enteng lakonono!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak