Waosan: 1 Yokanan 2 : 18 – 29 | Pamuji: KPJ. 441
Nats: “Anadene ing samengko, he, anak-anakku, padha tetepa ana ing Panjenengane, supaya samasa Panjenengane ngatingal, kita padha tatag ing pracaya lan ora usah isin ana ing ngarsane besuk ing dina rawuhe.” (Ayat 28).
“Bu … bocah kae putrane sapa ta bu? Bocahe sregep, sopan, pinter tur sing marakne nyenengke sumeh karo kabeh wong …”
“Lha njengengan niki pripun ta, lha bocah punika kan putrane pak pendhita ta bu.”
“Woo … ya layak … lha pancen putrane pak pendhita.”
“Pancen bu … woh iku tiba ora adoh saka wit e!”
1 Yokanan 2:18-29 ngatag para pandherekipun Gusti supados mujudaken gesang ingkang dados putraning Allah ingkang sanyata. Pancen, mujudaken babagan ingkang mekaten punika mboten gampil, awit kedah saged ngemudheni dhiri saking sakathahing coba, prakawis, ugi godha ingkang asring dados pepalang lan saged nebihaken saking jati diri putraning Allah.
Pramila, Rasul Yokanan ngemutaken tumrap para pandherekipun Gusti :
- Sing padha waspada! Bab waspada punika kaparingaken tumrap para pandherekipun Gusti awit Rasul Yokanan nyipati bilih wonten bibit anti-kristus ingkang tuwuh. Bibit anti-Kristus punika ingkang badhe ngrusak tatanan lan piwucal ingkang pinangkanipun saking Gusti.
- Sing padha eling! Babagan eling dados bab ingkang wigati awit kathah pandherekipun Gusti ingkang sampun kesupen kaliyan jati dhirinipun gesang, nggih punika dados Putraning Allah. Rasul Yokanan ngatag supados para pandherekipun Gusti punika tansah ngelingi punapa ingkang dados piwucal saking Gusti – sanes piwucal sanesipun (ay. 26-27).
Punika salah satunggaling wujud ingkang saged dipun pirsani minangka para putraning Allah. Ing mangsa Pra-Paskah punika dados satunggal wekdal ingkang sae kangge kita, saperlu sesarengan mirsani, Punapa kita sampun saestu pantes dipuntimbali dados salah satunggaling putranipun Allah? Menawi sampun sinebut salah satunggaling putraning Allah, bab punapa ing gesang kita ingkang sampun memper kaliyan Gusti Allah? Menawi babar pisan sadaya ingkang kalampahan ing gesang mboten wonten ingkang sami kaliyan Gusti Allah, lajeng kita punika sejatosipun “putrane” sinten? Mangga sami kita galih ing manah kita piyambak-piyambak. Amin. [gus].
“Aja lali karo asalmu cik ben ora ilang sejatine awakmu.”