Nindakaken Dawuhipun Gusti Pancaran Air Hidup 27 Maret 2022

27 March 2022

Waosan: Lukas 15: 1 3, 11b 32 | Pamuji: KPJ. 52 : 1
Nats:
“Aku dak mulih menyang ing daleme bapakku lan matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng Swarga lan dhumateng bapak, ...” (Ayat 18)

Wonten ingkang remen mirengaken tembang kenangan? Punapa panjenengan nate mirengaken tembang kenangan ingkang dipun populeraken grup D’Loyd, kanthi irah-irahan “Apa Salah dan Dosaku”? Lirik lagunipun kados mekaten:

Haruskan hidupku terus begini, dengan derita yang tiada akhir
Ke manakah jalan yang harus kutempuh, agar kubahagia
Oh Tuhan berikan petunjukMu, untuk kujadikan pegangan hidupku
Katakan salahku dan apa dosaku, sampai kubegini
Aku tak sanggup lagi, menerima derita ini
Aku tak sanggup lagi menerima semuanya

Menawi kita raos-raosaken, kadosipun penulis lagu punika kagungan pengalaman hidup ingkang saestu dados pelajaran berharga ngantos saged nyerat tembang punika.

Waosan kita ing wekdal punika nedahaken bab ingkang sami, inggih punika bab lampahing gesang ingkang saged dados pelajaran berharga. Waosan kita nyariosaken bab anak ragil ingkang nyuwun saperangan barang darbe kagunganipun bapakipun. Anak ragil punika nyade sedaya ingkang dipun tampi lajeng lunga. Saklajengipun anak ragil punika nglampahi lan ngraosaken gesang ingkang awrat lan boten sekeca. Ngraosaken gesang ingkang kados mekaten, lajeng anak ragil punika enget dhatang bapakipun, selajengipun piyambakipun wangsul dhateng bapakipun malih lan ngakeni sedaya kalepatanipun.

Lumantar waosan kita ing dinten punika, kita mangertos kados pundi anggenipun anak ragil kanthi tatag lan kendel ngakeni sedaya kalepatanipun. Boten cekap namung ngakeni, ananging anak ragil punika ugi kagungan tekad badhe nindakaken gesang ingkang langkung sae malih. Samangke pitakenanipun kangge kita sedaya, “Kados pundi anggen kita nglampahi gesang kita? Punapa kita sampun nindakaken dhawuh pangandikanipun Gusti Allah Sang Rama? Menawi kita ngrumaosi dereng saged nindakaken dhawuh pangandikanipun Gusti, kados dene anak ragil punika, sumangga kita kanthi tatag lan kendel ngakeni sedaya kalepatan lan dosa kita wonten ngasanipun Gusti. Kita gadahi tekad nindakaken dhawuh pangandikanipun Gusti kanthi saestu. Amin. [Bie].

 “Aja mung ngakoni, tapi ya kudu wani ngowahi.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak