Waosan: Pangentasan 7 : 14 – 25 | Pamuji: KPJ. 203 : 1, 3
Nats: “Nabi Musa lan Rama Harun banjur ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah; tekene diacungake lan disabetake ing banyune bengawan Nil ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, banyu kang ana ing bengawan Nil kabeh banjur malih dadi getih.” (Ayat 20)
Rikala taksih SD, kula kadapuk dados tim gerak jalan. Karana kula alit lan cendhek, mila katata ing urutan nomer kalih saking wingking. Wekdal lomba, jarak ingkang katempuh kirang langkung 4 km. Wekdal taksih menit-menit wiwitan, barisan katingal rancak, katata sae. Komandan regu ugi paring aba-aba kanthi cetha. Ananging menit-menit pungkasan, barisan menika ambyar. Wonten ingkang mbagong, wonten ingkang mboten manut perintah kados dene kula karana pancen sampun kesel lan suwanten komandan sampun lirih kepireng saking wingking.
Nabi Musa lan Rama Harun mboten mangertos badhe nglampahi menapa supados saged nindakaken timbalanipun. Mboten wonten gambaran saha angen-angen. Mila saestu pasrah kaliyan panuntunipun Gusti Allah. Kanthi cetha Gusti Allah paring panuntun menapa ingkang kedah dipun tindakaken lan menapa ingkang kedah kaucapaken. Wusana ing ayat 20, Nabi Musa lan Rama Harun ngestoaken dhawuhipun Gusti. Tekenipun Rama Harun diacungaken saha disabetaken ing toyanipun bengawan Nil lan malih dados getih. Kanthi tuntunanipun Gusti sedaya ingkang katingal awrat estunipun saged kalampahan. Mbok menawi Nabi Musa lan Rama Harun ugi kaeraman. Kok isa ya? Kok luar biasa ya? Sedaya karana kekalihipun manut kanthi satuhu ing satengah panuntuning Gusti.
Kita sedaya mbetahaken tuntunan. Mekaten ugi kaliyan kawontenanipun brayat. Menawi mboten wonten tuntunan ingkang satuhu mesti badhe morat-marit kados dene group lomba baris kula kalawau. Tamtu panuntun ingkang sejati namung Gusti kemawon. Sanes kapinteran saha pangertosan kita minangka manungsa. Ing wulan keluarga menika, sae menawi brayat mbaka brayat sami ngeneraken talingan saha manah dhateng karsanipun Gusti Allah. Sanes karsanipun bapak, ibu, anak, ananging karsanipun Gusti Allah piyambak. Mangke kita badhe kaeraman kados dene Nabi Musa lan Rama Harun. Kok isa ya? Kok luar biasa ya panuntuning Gusti! (PKS)
“Mangga aba-abanipun Gusti kita lampahi, murih barisan brayat kita wilujeng ngantos garis finish”