GR Pancaran Air Hidup 15 April 2021

15 April 2021

Waosan: 1 Yohanes 2 : 18 – 25 | Pamuji : KPJ. 70 : 1 – 5
Nats:
“… yen sabarang kang goroh iku ora ana kang asale saka ing kayekten.” (Ayat 21b)

+ Yen sampeyan ora dadi penatua ing daur ngarep, pasamuwan terus piye?

– Lha ya itu. Aku meneng-meneng ya lagi mikir iku. Wes pirang-pirang minggu iki aku mbatin, “Sapa ya sing isa ngganti posisiku? Hmmm, sajake kok durung ana!”

+ Bener, pancen durung ana. Kaya acara wingi. Yen Sampeyan meneng wae ora bakal ana Ibadah Syukur HUT RI.

– Iya ya. Sajake pancen rada ngawatirake yen aku ora katut ing kemajelisan daur ngarep. Isa-isa pasamuwan dadi bubrah! Nanging, aturan dauran rak wes ora isa diowahi!

+ Lha terus piye?

– Piye yen ngene. Minggu ngarep rak ana sidang majelis pasamuwan. Sidang iku pancen ora ana agenda ngesahke aturan dauran, awit wis sah. Nanging, coba sampeyan ngusulake owah-owahan aturan. Intine, sing wis rong daur dadi penatua isa dipilih maneh.

+ Wah, angel, Mas.

– Ora ana sing angel. Wiwit sesuk sampeyan temoni anggota majelis sing akeh omonge ing sidang. Rayuen kanthi temen yen kemajelisan tanpa aku bakal kangelan lan ora isa maju. Sampeyan kudu ngyakinke wong-wong iku bab pentinge aturan dauran diowahi sithik.

***

Cariyos ing nginggil menika sanes dongeng, nanging cathetan kula nalika nampi uneg-unegipun salah satunggiling panitia dauran salah satunggiling pasamuwan.

Conto ing nginggil minangka conto cetha kadospundi “tiyang pitados” kalimputan rohing pepeteng (antikris). Pramila sami boten saged ningali greja/ pasamuwan/ patunggilan mawi nalar ingkang padhang. Dipun kinten pasamuwan menika gumantung tiyang setunggal. Sikap menika ateges nyelaki pakaryanipun Gusti. (“…yen sabarang kang goroh iku ora ana kang asale saka ing kayekten…”ay. 22)

Mestinipun rak wonten tembung mekaten, “Rumangsamu greja iku aku sing nemtokake? Kumandela marang pakaryane Gusti, sanadyan aku ora dadi pinitua, Gusti mesti nresnani pasamuwan lan bakal maringi dalan supaya pasamuwan tetap urip. Ora perlu was-was nalika aku dudu pinitua maneh.”(smdjn)

“Saupama ing atiku ana pangangen-angen kang ala, Pangeran mesthi ora karsa miyarsakake.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak