Waosan : Jabur 50 : 1 – 6 | Pamuji : KPJ. 5 : 1 – 2
Nats: “Para kekasihingSun padha kumpulna ana ngarsaningSun, … “(Ay. 5a)
Saben suku bangsa gadhahi ritual pangabekti piyambak-piyambak, miturut kapitadosanipun. Wonten suku bangsa ingkang pitados dhateng kekiyatan sela utawi kajeng. Wonten ingkang pitados bilih gesangipun saged ayem tentrem menawi ngleluri para leluhuripun. Wonten ingkang pitados dhumateng para dewa. Awit kapitadosan punika, tiyang punika lajeng ngawontenaken pangabekti ing papan-papan mirunggan kanthi ritual ingkang tliti lan ngati-ati, sampun ngantos lepat lan klentu awit saged dadosaken dukanipun ingkang dipun bekteni.
Bangsa Israel ugi nindakaken pangabekti kanthi ritual ingkang kaaturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Allah. Wonten ing waosan kita, Gusti Allah nimbali Bangsa Israel supados mirengaken SabdaNipun. Gusti Allah ngengetaken ingkang penting saking sedaya pisungsung kurban inggih punika krenteging manah anggen atur pisungsung. Bangsa Israel secara ritual tansah ngudi lan ngaturaken pisungsungipun ingkang sae. Bangsa Israel pitados bilih pisungsung ingkang sae punika salah satunggaling pangabekti ingkang endah. Kamangka Gusti Allah ngersakaken ingkang penting saking kurban sukur inggih punika raos sukur awit Gusti sampun anganthi ing gesangipun lan kados pundi patrap gesangipun umat dhateng sesamining titah.
Samangke kados pundi pangabekti kita dhumateng Gusti Allah? Punapa kita taksih ngutamiaken pangabekti secara ritual kemawon? Kangge kita tiyang pitados pangabekti ingkang sejati punika : Sepisan, kita tansah saos sokur ing sadengah perkawis, sisah-bingah, sehat-sakit, kaluberan-kacingkrangan tansah saos sokur wonten ngarsaniPun. Kaping kalih, patrap gesang kita saged dipun raosaken dening sesami kita. Kita peduli dhumateng tiyang ingkang nandhang kasisahan lan kaprihatosan, paring pitulungan kanthi ikhlas tanpa pamrih.
Pangabekti kita secara ritual punika penting awit saged kangge sarana sesambetan kaliyan Gusti Allah, ananging mboten wonten ginanipun menawi wonten praktek gesang kita ing satengah-tengahing masyarakat mboten cunduk kaliyan ritual ingkang kita lampahi. Dinten Minggu lampah gesang kita sae, saleh, jujur, sumeh, grapak kebak katresnan, ananging ing dinten-dinten candakipun kita daksiya, mboten jujur, jibar-jibur damel dosa, nguja hawa napsu. Mila sumangga kita nliti batos lan gesang kita supados pangabekti kita kepareng wonten ngarsanipun Gusti. Amin. (Jian)
“Pangabekti sejati inggih punika kanthi patrap gesang ingkang migunani”