Nindhakaken Peladosan Kok Peritungan Renungan Harian 5 September 2019

5 September 2019

Waosan :  Filipi 2 : 25 – 30 |  Pujian :  KPJ. 129 : 1, 2
Nats
: “Marga saka ayahane Sang Kristus dheweke meh tinggal donya lan ngetohake nyawane kanggo ngganepi apa kang isih kurang ...” (ayat 30)

 Ing jaman modernisasi lan teknologi  sapunika, kathah tiyang ingkang sami kapilut kaliyan iming-iming gaya hidup hedonis (pados karemenan pribadi), dados tiyang-tiyang ingkang gampil ngukur rugi kaliyan bathi, gampil mbandingaken perkawis-perkawis ingkang ngremenaken utawi mrihatosaken, lsp. Bilih perkawis punika ngremenaken lan saged mbeta bathi tumrap piyambakipun, enggal-enggal dipun tindhakaken. Ananging kosok wangsulanipun, bilih perkawis punika namung beta karugian lan kaprihatosan, enggal-enggal dipun tilar.

GKJW ingkang nguri-nguri lampahing greja gerakan warga, kita saged nyebat bilih kawontanipun greja samangke lumebet mangsa-mangsa kritis. Ing pundi sansaya dangu, sansaya awrat pados relawan ingkang nggadhahi jiwa militan kangge nglajengaken  peladosan wonten ing pasamuwan. Karana nglampahi wujud greja gerakan warga kalawau, greja mboten saged maringi jaminan bathi utawi karemenan kadonyan dhumateng tiyang-tiyang ingkang lelados. Nindhakaken lampahing peladosan ing pasamuwan tetep mbetahaken pangurbanan saking tiyang-tiyang ing salebetipun, boten namung awujud arta utawi materi, ananging ugi, wekdal, tenaga lan pikiran ingkang kadhasaran raos tulus lan ikhlas.      

Tiyang ingkang kaparing asma Epafrodhitus wonten ing waosan Dhawuh Pangandikanipun Gusti punika salah  satunggaling  rencang damelipun Rasul Paulus, ingkang tansah setya tuhu anggenipun paring pambiyantu dhumateng pakaryanipun Rasul Paulus. Epafrodhitus kasebat nate nandhang sesakit kritis, ngantos badhe tumuju dhateng ngajalipun. Kasebat wonten ing Basa Yunani tembung: paraholeusamenos” ingkang tegesipun ‘sedang mempertaruhkan’ hidupnya” utawi ngetohaken nyawa. Dados, pancen kita sami boten saged mangertosi cethanipun sesakit ingkang dipun raosaken dening Epafrodhitus ingkang badhe ngancam gesangipun kalawau, ananging kita saged galih bilih sakit punika dipun sebabaken saking kasetyan anggenipun leldos dhumateng Gusti lumantar paring pambiyantu dhateng Rasul Paulus. Pramila, sumangga kita nuladhani menapa ingkang sampun dipun lampahi dening Epafrodhitus ing salebeting lelados, boten ngetang bathi punapa rugi, sedya ngurbanaken samudayanipun kalebet gesangipun demi kababaring kamulyan lan kaluhuran asmanipun Gusti. [OCEP]

Bathi utawi rugi punika namung gumantung saking caranipun ningali

Renungan Harian

Renungan Harian Anak