Waosan : Titus 1 : 1 – 9 | Pamuji : KPJ. 192 : 1 – 3
Nats: “…matemah bisa mituturi wong adhedhasar piwulang iku…” (ayat 9)
Wonten pasemon “jarkoni” isa ujar ora isa nglakoni, utawi “gajah diblangkoni” isa khotbah ora isa nglakoni. Menawi pasemon punika dipuncakaken dateng para pelados pangandikanipun Gusti ing saben pangabekti, tamtu dadosaken para pelados punika boten badhe wonten ingkang purun nglantaraken sabda pangandikanipun Gusti.
Kathah ingkang ngrumaosi, senandyan pangandikanipun Gusti ing Kitab Suci punika leres lan amin, nanging nindakaken dawuh ing salebeting gesang padintenan langkung ewet tinimbang nglantaraken ing salebeting pangabekti. Mila warga pasamuwan saged nguningani, khotbah punika wonten bobotipun punapa boten, lan wonten wibawanipun punapa boten.
Titus punika kalebet sekabatipun Rasul Paulus ingkang taksih enem. Senadyan taksih enem, Titus sampun dipasrahi Rasul Paulus nggulawenthah pasamuwan ingkang kathah perkawis lan tantanganipun. Para sepuh ing pasamuwanipun kang gesang boten nyondongi sabdanipun Gusti, kedah dipuntuturi Titus adhedhasar piwucal Gusti Yesus kang kala semanten dereng kabendel dados satunggal Kitab Suci, supados para sepuh punika saged kapiji dening Titus dados pinisepuhing pasamuwan. Para pinisepuh punika kathah lan boten entheng prasayaratipun (ayat 6-9). Para pinisepuh punika sageda boten dados jarkoni utawi gajah diblangkoni, awit tugasipun ngadhepi para kang lumawan.
Pramila ing wekdal samangke, para pelados pangandikanipun Gusti, sampun ngantos boten saged dados berkah, awit saking tumindak, pamikir, lan pangucap kang boten laras kaliyan kang dipunwucalaken ing khobah saben pangabekti. Pasamuwan kang mirengaken khotbah kita, boten badhe nglepataken Kitab Sucinipun, amargi Kitab Suci punika inggih pancen leres. Ingkang boten leres punika, inggih kita kang namung saged ujar lan khotbah mawon nanging kewetan nglampahi. (tes)
“Aku rehne sekeng ngungsi maring Gusti”