Ajrih Dhumateng Gusti Renungan Harian 1 Agustus 2019

1 August 2019

Waosan : Wulang Bebasan 23 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ 433
Nats : “Aja ngelih tenger watese lemah kang lawas, lan aja lumebu pategalane bocah lola. Awitdene kang nebus iku santosa.. “ [ayat 10 – 11]

Sinten ingkang boten nate ajrih? Milai lare alit ngantos tiyang sepuh mesti nate rumaos ajrih, senadyan bab ingkang njalari benten. Sejatosipun, raos ajrih menika emosi ingkang limrah ing pigesanganipun manungsa. Raos ajrih menika saged dados tenger nalika wonten bebaya ingkang kedah dipun adhepi kanthi wicaksana. Kejawi waspada tumraping bebaya ingkang gadhang ing ngajeng, raos ajrih menika ugi saged gegandhengan kalihan tumindak ala ingkang tuwuh ing salebeting manah. Kita kedah waspada tumrap diri kita piyambak, tumrap menapa ingkang kita rancang lan badhe kita lampahi ing pigesangan.

Wulang bebasan paring pitedah supados manungsa nggadhahi raos ajrih tumindak ala. Ngelih tenger watese lemah ing daerah pegunungan lan kathah selanipun kadosdene tlatah Palestina menika bab ingkang gampil. Nanging kadosdene ing Pangandharing Toret 19 : 14 lan 27 : 17, menika saged dados prekawis ingkang serius lan nglawan pangandikanipun Gusti. Kenging menapa kok kawastanan nglawan Gusti Allah? Waosan kita (ayat 11) paring wangsulan bilih Gusti Allah menika dados panebusipun tiyang ingkang boten nggadhahi daya ingkng kagambaraken kaliyan bocah lola. Pramila, lumantar waosan menika kita kaengetaken bilih sedaya urusan kita ing ndonya menika mboten namung dados urusan horinsontal kemawon, ing antawisipun kita lan tiyang sanes. Nanging, bab menika ugi dados urusan vertikal : kita, tiyang sanes lan Gusti Allah.

Kadospundi kaliyan gesang kita? Nalika kita nglampahi gesang ing satengahing brayat, padamelan, pasamuwan menapa dene pasrawungan, sayogyanipun menapa ingkang kita lampahi adhedasar raos ajrih kita dhumateng Gusti. Sampun ngantos kita nganggep tumindak kita dhumateng brayat, kanca nyambut damel lan sesami kita menika namung urusan kita lan kita kesupen menawi Gusti Allah menika campur asta wonten sedaya ingkang kita rancang lan lampahi. Sumangga tansah ajrih dhumateng Gusti, murih gesang menika kalampahan kanthi wicaksana. [KRW]

“Urusan kita kaliyan sesami menika sejatosipun ugi dados urusanipun Gusti“

Renungan Harian

Renungan Harian Anak