Waosan : Lukas 3 : 7 – 18 | Pamuji : KPJ 434 : 1, 6
Nats: “Nabi Yokanan banjur paring wangsulan, pangandikane: `Aku iki mbaptisi kowe nganggo banyu, nanging Panjenengane kang panguwasane ngungkuli aku, iku baka rawuh lan senadyan mung nguculi ageme trumpah bae iku ora patut………‘” [ayat 16]
Sinten ingkang mboten bingah dipunremeni, dipungandrungi lan nampeni pangalembana? Tamtu kita sedaya bingah. Malah menawi saged punika ingkang kalampahan ing gesang kita. Dipunremeni, dipungandrungi lan pangalembana dados tandha bilih gesang kita punika saged dipuntampi dening tiyang sanes. Ananging estunipun, dipunremeni, dipungandrungi lan pangalembana punika panggodha ingkang ageng. Menawi mboten saged nguwaosi dhiri, kita saget dhumawah ing sifat sombong karana prestasi ingkang kita gayuh punika minangka perjuangan dhiri.
Yokanan Pambaptis nindakaken pakaryanipun kanthi setya tuhu. Mila lajeng kathah tiyang ingkang kaeraman. Kathah tiyang ingkang klesak-klesik ngrembag bab jati dhiri Yokanan Pambaptis punika. Malah wonten ingkang mastani bilih Yokhanan punika Sang Mesih ingkang dipunantu-antu rawuhipun (ay 15).
Kahanan punika mboten ndamel Yokanan lupa dharatan. Malah miyambakipun sansaya nyethakaken menawi piyambakipun punika namung abdi. Abdi mboten pantes dados tuwan. Piyambakipun namung kaagem nyawisaken umat kangge rawuhipuh Sang Mesih. Mila mboten pantes babar pisan menawi piyambakipun dianggep sami kaliyan Sang Mesih.
Sifatipun Yokanan punika elok sanget. Saged ngendhaleni diri, mboten ngantos ndhumawah ing sifat sombong. Senajan kasuwur, ananging Yokanan tetep mangertos jati dhirinipun lan mapanaken dhiri kanthi trep. Pangalembana, dipuntresnani, dipunremeni, tamtu nate kita tampeni. Mangga nyinau sifat unggul kados ingkang dipuntindaaken Yokanan. Mangga sinau dados pribadhi low profile (andhap asor; mboten sombong). Karana pangalembana punika namung pantes katujukaken dhateng Gusti Allah ingkang sampun paring kasagedan dhumateng kita. [PKS]
“Setiap orang pasti punya kelebihan tanpa harus ditonjolkan dengan kesombongan”