Waosan : 2 Korintus 9 : 1 – 15 | Pamuji : PKJ 161
Nats: “Saben wong pisungsunge dikaya kang dadi rilaning atine, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Allah iku ngasihi wong kang misungsung kanthi bungah” [ayat 7]
Punapa ingkang langkung aji saking amplop? Ingkang langkung aji saking amplop nggih isinipun. Punika wangsulan ingkang leres, bilih ajinipun amplop mboten karana bahan utawi wernanipun, nanging karana isinipun (arta). Isinipun amplop punika tamtunipun benten-benten, wonten ingkang kathah, wonten ingkang sekedhik. Sakedhik utawi kathahipun isi saking amplop katingal kados pundi relasi tiyang ingkang ngaturi lan diaturi. Contonipun, bilih panjenengan tindak kondangan manten, mila isinipun amplop kagem kanca kenthel kaliyan kanca biasa tamtunipun benten. Kanca kenthel langkung kathah katimbang kanca biasa, napa malih ingkang dados manten sedherek celak ingkang panjenengan tresnani . Tamtunipun mboten rumaos eman senaosa ngaturi kathah. Nyaosaken berkat kagem sedherek kemawon mboten eman, punapa malih kagem Gusti ingkang sampun nresnani kita.
Pisungsung kagem Gusti kedah kadasaraken dening katresnan. Katresnan punika dadosaken kita saged pisungsung kanthi lilaning ati, ihklas, lan ngraosaken kabingahan. Pisungsung marang Gusti mboten dadosaken kita kekirangan, karana Gusti sampun nyekapi punapa ingkang badhe kita aturaken (8). Pisungsung saged kawastanan peladosan katresnan saking umatipun dhumateng Gustinipun (12)
Kados punapa ingkang kaserat ing 2 korintus 9, pisungsung punika kagem nglajengaken pakaryanipun Gusti Allah ing alam donya punika. Mboten namung rekadayanipun gereja ngempalaken arta saking pasamuan, ananging supados lumantar pisungsung saking warga pasamuan, gereja saged nglantaraken berkat. Punapa malih gereja kita GKJW sampun yuswa 87 tahun, tamtunipun bab saos syukur perkawis ingkang sampun kita mangertosi kanthi sae salebeting gereja.
Pramila sumangga kita sami misungsung kanthi suka lan bingah. Sedaya punika kita tindakaken namung karana katresnan. Amin [ven]
“Sadaya amarga katresnan kula saged ngaturaken kanthi suka lan bingah”