Ora Ana Mangan Gratis Pancaran Air Hidup 9 Mei 2021

9 May 2021

Waosan: Yokanan 15 : 9 – 17 | Pamuji: KPJ. 136
Nats:
“Kowe iku mitraKu, manawa kowe padha nglakoni pepakonKu marang kowe.”  (Ayat 14)

Lumebet sasi-sasi pemilu (pemilihan umum), mliginipun nalika wonten ing masa kampanye, biasanipun para kandidat pemilihan utawi dipun wakili dening tim suksesipun sami  gupuh ngempalaken tiyang kangge nyuwun dukungan. Tiyang-tiyang kalawau sami dipun paringi “dhahar lan sangu”, nanging sakmantunipun dipun kempalaken, nampeni dhahar lan sangu, sadaya dipun paringi angger-angger “ora ana mangan gratis lho iki”. Tegesipun, karana sampun nampi peparing saking kandidat calon, tiyang-tiyang kalawau kedah paring dukungan kanthi milih piyambakipun nalika pemilu ing wekdal tembe. Menika ingkang kasebat politik transaksional, nalika peparing wonten syaratipun.

Kula kinten wonten ing alam donya menika boten wonten peparing ingkang tanpa syarat, tanpa pangajeng-ngajeng, utawi tanpa pamrih. Sanaosa syarat, pangajeng-pangajeng, lan pamrih kalawau namung dipun batin kemawon. Tuladhanipun, bilih kita wicanten bab katresnanipun tiyang sepuh dhateng yoga-yoganipun, sak ikhlas-ikhlasipun tiyang sepuh menika paring katresnan dhumateng yoga-yoganipun, kekalihipun kepingin yoga-yoga kalawau sami dados lare ingkang manut miturut karsanipun. Tamtu ngraosaken gela bilih katresnan kalawau dipun wales kanthi tumindhak ingkang boten samesthinipun.

Mekaten ugi anggenipun Gusti Allah paring katresnan, berkah lan rejeki tumrap gesang kita, Gusti nggih kagungan karsa lan pangajeng-ngajeng wonten ing sakwingkingipun peparing menika. Kaserat wonten ing ayat 10 “Manawa kowe netepi pepakonKu, kowe mesthi padha tetep dumunung ing sihKu, padha kaya anggonKu wus netepi dhawuhe RamaKu lan tetep dumunung ing sihe.” Syarat utawi pangajeng-ngajeng ingkang dipun kersaaken dening Gusti, boten sanes supados kita sedaya menika tansah netepi lan nindhakaken pepaken ingkang sampun dipun paringaken dhateng kita: salah satunggalipun supados kita saged nresnani sesami kita. (YEP)

“Yen kowe pancen tresna marang aku, kowe kudu…?”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak