Waosan: Yesaya 42 : 5 – 9 | Pujian: KPJ. 171 : 1 – 4
Nats: “Ingsun iki, Yehuwah, wus nimbali sira supaya ngundangake kaslametan, wus ngasta tanganira …” (Ayat 6)
Nalika para pejuang ngraosaken dados bangsa ingkang merdika saking penjajahan Jepang tamtu raosipun bingah. Menapa malih sejarah perjuangan bangsa Indonesia menika lumampah ing zaman kamardikan estu damel bombong lan semangat. Lagu Indonesia Raya nalika kaungelaken ing negari manca nalika SEA Games, menapa malih nalika Olimpiade tamtu dados kebanggaan ingkang ageng. Estu kamardikan menika njalari kita gadhah tanggel jawab supados negari Indonesia menika saya maju lan mindhak sejahtera lair lan batin.
Mekatena ugi nalika bangsa Israel ingkang dipun jajah dening Babel, tamtu kepingin madeg piyambak malih dados bangsa ingkang merdika. Krana menika nabi Yesaya paring pameca saking Gusti piyambak kados dene ayat 6 ngantos 9 ing waosan kita. Wonten tanggel jawab minangka bangsa lan umatipun Gusti ingkang merdika. Inggih menika tetep ndherek dhawuhipun Gusti ing margining kaleresan lan tumindak adil ing gesang. Paseksi menika kaatag tumrap sedaya umat Israel kangge nelakaken keadilan wonten ing salumahing bumi.
Timbalan menika ugi katujokaken dhateng kita para pitados. Inggih timbalan gesang wonten ing keadilan. Saos sokuring manah ingkang ketingal ing lampah lan pangajeng-ajeng Gusti mitulungi rahayu tumrap kita. Saisining gesang inggih namung saos sokur saben wekdal krana kita kaparingan wewengan lumebet ing gesang ingkang kebak kaendahan lan katresnan. Panjenenganipun sampun marengaken kita ndherek sukarena ing negari mardika menika. Mila wewengan menapa kemawon minangka peparingipun Gusti kangge kita saos syukur lan gesang namunga kagem kamulyan lan kaluhuran Asmanipun. Amin. (LUV)
“Saos panuwun iku ora kandeg ing tembung, nanging ana ing prilaku, carane mikir lan lakuning urip, tetepa saos sukur.” (Nouman Ali Khan)