Tahun Gerejawi : Bulan Kitab Suci
Tema : Sikap merenungkan
Bacaan : Yunus 2:1-10
Ayat Hafalan : “Aku hendak merenungkan titah-titah-Mu dan mengamat-amati jalan-jalan-Mu.” (Mazmur 119:15)
Lagu Tema :
Special Songs For Kidz No. 121 “Yunus diperut ikan”
Kidung Ria No. 60 “Aku mengasihi Engkau Yesus”
Penjelasan Teks
Berbeda dengan kebanyakan kitab nabi lainnya yang bercerita tentang nubuatan-nubuatan, kitab Yunus lebih berupa cerita dari awal hingga akhir kitabnya. Kisah Yunus dalam kitabnya berbicara tentang beberapa daerah yakni Niniwe, Yafo dan Tarsis.
Niniwe adalah ibu kota Asyur yang merupakan musuh yang dibenci oleh orang Israel. Kejahatan Niniwe diceritakan di dalam kitab Nahum 2:10-3:4. Sementara Yafo adalah sebuah pelabuhan ramai di bagian Laut Tengah dan Tarsis adalah daerah yang letaknya berlawanan dengan Niniwe. Oleh sebab itu dalam Yunus 1:3 disebutkan bahwa “Tetapi Yunus bersiap untuk melarikan diri ke Tarsis..” terjemahan melarikan diri menampakkan bahwa Yunus pergi tidak searah ke daerah di mana dia diutus oleh Tuhan.
Pelayaran menuju ke daerah Tarsis merupakan salah satu perjalanan terjauh yang dapat dilakukan orang. Maka dengan menyebut Niniwe dan Tarsis dalam pembukaan kisah Yunus, penulis menyiapkan pembaca untuk mempelajari pesan penting kitab tersebut yakni bahwa Tuhan Allah memerintah seluruh dunia dari ujung yang satu sampai ujung yang lain dan tidak dapat dibatasi oleh manusia.
Keengganan Yunus untuk pergi ke Niniwe adalah gambaran dari orang Israel yang tidak berkenan jika ada bangsa lain yang menerima keselamatan selain daripada bangsanya sendiri. Isi pemberitaan kitab Yunus terjadi pasca pembuangan di Babel. Pembuangan tersebut bagi bangsa Israel merupakan hukuman, karena umat telah berpaling dan bahkan meninggalkan Tuhan.
Setelah peristiwa pembuangan tersebut, orang Israel bergumul tentang bagaimana upaya yang dilakukan untuk dapat menjaga jati diri mereka sebagai umat pilihan Allah. Sebagian orang yakin bahwa jalan terbaiknya adalah dengan memisahkan diri dari bangsa-bangsa lain. Inilah yang kemudian menjadi kesombongan yang besar orang Israel sehingga mereka membatasi diri bahkan menutup diri dari bangsa-bangsa lain yang dianggap “bukan” bangsa pilihan Allah.
Tindakan Allah mengutus Yunus ke Niniwe menunjukkan bahwa kasih dan kemurahan Allah itu tidak dapat dibatasi apalagi oleh manusia. Kasih-Nya begitu besar dan menjadi nyata bagi semua bangsa. Kemarahan Yunus kepada Allah yaitu mengampuni “musuh” atau “lawan” yang paling dibenci oleh orang Israel. Kali ini Yunus mewakili banyak orang Israel lainnya yang mempunyai kesombongan sebagaimana disebutkan di atas. Israel berusaha membentengi hubungan istimewa mereka dengan Allah dan tidak rela hubungan itu diperluas kepada bangsa-bangsa lain. Dampak dari pilihan Yunus untuk menghindar dari tugasnya adalah hukuman.
Dalam perjalanannya menuju ke Tarsis, kapal yang ia tumpangi diterjang oleh badai. Selanjutnya para penumpang membuang undi untuk mengetahui sipakah di antara mereka yang sedang dalam pergumulan dan mengakibatkan pencobaan tersebut mereka alami. Saat dilakukan undi, undi tersebut jatuh pada Yunus. Selanjutnya Yunus dilemparkan ke dalam laut sebagaimana yang menjadi permintaannya dan laut pun berhenti mengamuk.
Lebih lanjut Alkitab mencatat, “maka atas penentuan TUHAN datanglah seekor ikan besar yang menelan Yunus, dan Yunus tinggal di dalam perut ikan itu tiga hari, tiga malam lamanya.” (Yunus 1:17). Ikan besar sebagaimana yang dicatat dalam bagian ini tidak diketahui jenisnya, namun ikan itu juga dipakai untuk menyelamatkan Yunus dan mengembalikannya ke daratan. Lantas apa yang dilakukannya selama di dalam perut ikan tersebut? Inilah bagian bacaaan hari ini.
Di dalam perut ikan itu Yunus berdoa dan menginsafi segala apa yang telah dilakukannya. Dalam doa-doanya Yunus menyadari bahwa tindakannya adalah tidak benar. Dia mengambil jalannya sendiri bukan kehendak Tuhan yang dikerjakan. Salah satu doanya, Yunus mengungkapkan tentang bait Allah yang kudus (Yunus 2:4), “…aku memandang lagi bait-Mu yang kudus?”.
Pernyataan Yunus ini menggambarkan Yunus percaya bahwa Allah hadir dengan cara yang khusus di dalam Bait Suci di Yerusalem. Saat ini keberadaan dirinya jauh dari Bait Suci itu, di bawah bagian laut yang terdalam. Namun Yunus percaya bahwa tidak ada jarak jasmani yang terlalu jauh bagi Allah untuk mendengar doa-doa Yunus. Nyatanya memang demikian yang terjadi. Berkat perenungan Yunus akan apa yang telah diperbuatnya itu, Tuhan Allah memberikan belas kasihan kepadanya. Tuhan Allah berfirman kepada ikan itu dan ikan itu memuntahkan Yunus ke darat.
Dalam kisah ini, perenungan adalah salah satu jalan untuk melihat kembali keadaan diri dalam hubungannya dengan Tuhan Allah. Apakah yang dilakukan sudah sesuai dengan kehendak Tuhan ataukah justru sebaliknya, yakni semakin jauh dan menyimpang dari kehendak Tuhan? Bukan hanya Yunus yang dapat melakukan perenungan atas hidupnya dan menemukan bahwa dia telah jauh dari Tuhan. Namun juga setiap orang percaya yang telah dipilih dan dipanggil untuk menjadi umat-Nya termasuk anak-anak. Perenungan selalu bisa dilakukan baik secara langsung dalam doa atau melalui kebaktian yakni dengan mendengarkan firman Tuhan dan menarik makna dari firman tersebut.
Tuntunan Ibadah Anak Balita
Tujuan : Anak dapat menceritakan kembali kisah Yunus yang merenungkan Firman Tuhan.
Alat Peraga
Pamong menyiapkan gambar yang terdapat di CD :
- Tanggal 22 September – gambar Ikan besar
- Tanggal 22 September – gambar Yunus di perut ikan
Pendahuluan
Sugeng enjing bocah-bocah sing ditresnani Gusti Gusti,
Piye kabare? Kabeh pada sehat to? (utawa bisa liane manut kreativitas pamong) Kira-kira apa ana sing kenal Pak Yunus? (pamong nduduhake gamabre Yunus) Y-U-N-U-S ndek Alkitab lho ya.. apa ana sing eling yen krungu asmane Pak Yunus? Apa sing mesthi dieling? Kita mesthi kelingan bab iwak sing gedhe banget (pamong nduduhake gambar iwak sing gedhe), kaya ana lagune “Yunus di perut ikian” (pamong ngajak adek-adek nyanyi) Terus apa maneh? Bab Niniwe, bab Tarsis. Lah saiki ayo dileing-eling maneh lan diurutke ceritane.
Inti Penyampaian
Wektu iku nabi Yunus diutus Gusti ngelingake wong-wong kang ana ing daerah Niniwe supaya nglakoni titahe Gusti Allah maneh. Ananging nabi Yunus ora nglakoni kaya titahe Gusti Allah iku, nabi Yunus malah layar nitih perahu gedhe menyang Tarsis. Tarsis iku papan panggonan sing adoh banget, bedha arah karo Niniwe. Krana nabi Yunus ora manut karo Gusti Allah, kamangka dheweke kena pacoban saking Gusti Allah. Perahu sing ditumpaki iku kena ombak kang gedhe banget, perahune kaya arep pecah dadi loro. Banjur para penumpang sing liane arep nganakake undi, supaya ngerti sapa sing njalari perkara iku mau. Saka undi kui mau sing kena yo Yunus. Mulane Yunus dibucal nang segara lan Gusti Allah nekakake iwak gedhe banjur nguntal Yunus. Saksuwene telung dina telung bengi Yunus ana ing njerone wetenge iwak gedhe iku. Lha kira-kira apa sing dilakoni Yunus saksuwene ana ing wetenge iwak gedhe iku?
Kanyata, nabi Yunus lagi ndedonga (pamong nduduhake gambare Yunus kang lagi ndedonga ana ing sajroning wetenge iwak gedhe) Nabi Yunus ndedonga nyuwun ngapura marang Gusti Allah krana eling yen sing dilakoni mung sakarepe dewe, ora apa sing dadi karsane Gusti Allah. Nabi Yunus ngeling-ngeling maneh apa sing wis dilakoni. Apa to mau prentahe Gusti Allah sing kudu ditindakake karo Yunus? (pamong mbantu adek ngeling-eling maneh) Titahe Gusti yaiku supaya Yunus budhal menyang N-I-N-I-W-E. Niniwe iku panggenan kang wong-wonge ora manut maneh karo titahe Gusti Allah. Nanging Yunus ora mangkat menyang Niniwe nanging menyang T-A-R-S-I-S yaiku panggenan kang luwih adoh, bedha arah karo Niniwe. Ya iki kabeh perkara kang dieling-eling karo Yunus ana sajroning wetenge iwak gedhe. Yunus ngakoni kabeh kesalahane lan ndedonga marang Gusti Allah. Krana nabi Yunus ndedonga lan kersa ngeling-eling maneh kesalahane, Gusti Allah tetep nresnani nabi Yunus, pungkasane nabi Yunus bisa metu saka sajroning wetenge iwak gedhe.
Penerapan
Bocah-bocah sing ditresnani Gusti,
Isuk iki kita sinau saka sapa? Pak Y-U-N-U-S sing mau ngeling-eling maneh bab apa kang wis ditindakake, ngeling-eling maneh kasaenane Gusti Allah ana gesange. Kita iki minangka putra-putrane Gusti Allah yo mesthi kudu ngeling-eling kabeh kasaenane Gusti. Apa maneh yen kita ora nurut karo wongtuwa, males-malesan nang greja, nah kita kudu ngelingi maneh sabdane Gusti, yen Gusti wis nresnani kita kebh, mulane kita yo kudu nresnani Gusti Allah kanthi rajin nang greja lan nurut karo wongtuwa.
Catatan: Berikan potongan puzzle bagian 4 kepada masing-masing Anak Balita
Tuntunan Ibadah Anak Pratama
Tujuan : Anak dapat menceritakan kembali kisah Yunus yang merenungkan Firman Tuhan.
Alat Peraga
Pamong dapat menyiapkan gambar yang terdapat di CD :
- Tanggal 22 September – gambar Ekspresi melamun
- Tanggal 22 September – gambar Ekspresi serius
- Tanggal 22 September – gambar Yunus di perut ikan
Pendahuluan
Selamat pagi bocah-bocah,
Miturut angen-angenmu apa sing bedha saka gambar-gamabr iki? (pamong nduduhake kabeh gambare nglamun lan menerung). Coba digatekake eskpresine bedha apa ora? Gambar 1 (pamong nduduhake gambar wong nglamun) Yen disawang patingale kosong ora mikirake apa-apa. Coba saiki ditiru ekspresi kaya ana ing gambar iki (bocah-bocah kaajak niru ekspresi kaya ana ing gambar 1 yaiku gambar wong nglamun) sapa sing sering kaya ngene? Coba angkat tangan!
Saiki coba gatekake gambar 2 (pamong nduduhake gambar wong merenung) Gambar iki gamabre wong sing mikir utawa wong sing lagi gak mikir? Coba saiki ditiru maneh persis gambar iki. Apa bedha rasane niru gambar 1 lan gambar 2? Lha saiki coba gatekake gambar 3 (pamong nduduhake gambar Yunus ana ing wetenge iwak kang gedhe) apa sing padha di deleng lan dieling saka gambar iki? (bocah-bocah diparingi wektu kanggen mikir lan njawab)
Inti Penyampaian
Saka gambar iki, kita mesthi eling marang wong kang asmane YUNUS. Sapa Yunus kui? Yunus yaiku nabi kang diutus dening Gusti Allah, ngabarake warta becik marang owng-wong kang ana ing Niniwe. Ananging, nabi Yunus ora nglakoni kaya mangkana kui, panjenengane malah tindak menyang Tarsis. Tarsis yaiku papan panggenan kang bedha banget karo Niniwe. Apa kang njalari Yunus ora gelem budhal menyang Niniwe? Ora gelem nindakake titahe Gusti? Krana Niniwe kaanggep minangka papan kang ora lumebu ana ing daerah umat pilihane Gusti. Lha sapa ta kang kaanggep putra-putraning Allah? Wis mesthi bangsa Israel kang kaanggep minangka umat pilihane Gusti Allah. Bangsa Israel rumangsa istimewa, bedha karo lian-liane. Bangsa Israel dadi bangsa kang sombong, amarga nganggep yen bangsa liane ora pantes nampa sih katresnane Gusti Allah. Kaya mengkana iki mau kang njalari nabi Yunus ora gelem tindak menyang Niniwe lan mlayu menyang Tarsis. Lha terus apa kira-kira kang dadi lanjutane cerita Yunus iki?
Wektu nindakake lelampahan menyang tarsis bebarengan karo para penumpang liane, perahu kang ditumpaki ngalami pacoban. Ana ombak gedhe kang nerjang perahu iku mau nganthi kaya arep sigar. Anane ombak gedhe iki mau dadi pratanda yen ana ing antarane para penumpang kang nggawe dosa. Ombak gedhe iku meningka paukuman kangge wong kang nindakake kesalahan. Nah, kangge nggoleki sapa sing salah ing antarane para penumpang iku mau ditindakake undi. Bucal undi iki ditindake bareng-bareng lan sing oleh undi yaiku Yunus. Karo kewedhen Yunus ngakoni kabeh kesalahane lan kersa nampa paukuman. Nabi Yunus banjur dicemplungke menyang segara lan kanthi karsane Gusti Allah ana iwak kang gedhe banget kang nguntal nabi Yunus. Iwak iki ora dingerteni jenise, nanging mesthi gedhe banget amarga isa nguntal Yunus. Saksuwene telung dina telung wengi, nabi Yunus ana ing sajerone wetenge iwak gedhe iku. Lha kira-kira apa sing ditindakake Yunus ana sajroning wetenge iwak gedhe iku?
Coba gatekne maneh gambar iki (gambare Yunus kang ndedonga anak ing wetenge iwak.) Apa Yunus nglamun utawa merenung? Gambar iki nduduhake yen Yunus lagi merenung, Yunus lagi menggalih maneh apa bae sing wis ditindakake. Yunus ngerti yen apa sing ditindakake ora kaya titahe lan karsane Gusti Allah. Pungkasane Yunus kudu ngalami pacoban kaya ngunu kui mau. Ing sajroning wetenge iwak, Yunus menggalih lan ngraos-ngraosne maneh apa kang dadi keputusane. Yunus nggegilut sabdane Gusti kang ditampa, Yunus kautus tindak menyang Niniwe nanging malah tindak menyang Tarsis. Iki kabeh tamtu bedha banget karo karsane Gusti. Yunus ugi ngraos-ngraosaken sedaya kesaenane Gusti lan kabeh iki ditindakake kanthi temenan, satemah Gusti mirengaken pasambate Yunus lan ngedhalaken Yunus saka sajerone wetenge iwak.
Penerapan
Bocah-bocah sing ditresnani Gusti,
Padha kayadene Yunus kang ngraos-ngraosake utawa menggalih sabdane Gusti Allah kang ngutus tindak menyang Niniwe nanging malah tindak menyang Tarsis, kita ugi minangka putra-putrane Gusti Allah kaajak supaya ngraos-ngraosake sabdane Gusti ana ing gesang kita. Ngraos-ngraosake apa kang wis kaatindakake. Apa kui kabeh wis cocok karo karsane Gusti utawa kasawangsule? Ngraos-ngraosake sabdane Gusti iku penting banget kangge saben wong kang pitados ugi kangge kita sedaya. Tan saya asring kita ngraos-ngraosake sabdane Gusti tan saya kita saged ngerti apa karsane Gusti kang kudu dilakoni. Saiki kepriye? Apa kita gelem ngraos-ngraosake sabdane Gusti saben dina?
Aktivitas
Pamong ngajak bocah-bocah nggawe alat peraga mini lan ngajak bocah-bocah mbaleni cerita bab Yunus maneh kaya denen sing dicaritake pamong. Perangan paraga kang bisa digawe yaiku:
- Perahu 3 dimensi (bisa dari kertas atau menyesuaikan keadaan jemaat dan kreativitas pamong).
- Menggunting gambar Yunus (alat peraga diperbanyak)
- Menggunting gambar ikan besar (alat peraga diperbanyak)
- Menggunting gambar Yunus berdoa dalam perut ikan (alat peraga diperbanyak)
Catatan : Berikan potongan puzzle bagian 4 kepada masing-masing Anak Pratama
Tuntunan Ibadah Anak Madya
Tujuan :
- Anak dapat mencirikan Tokoh Yunus sebagai tokoh yang merenungkan Firman Tuhan.
- Anak dapat menyusun sebuah doa sebagai bentuk respon Firman Tuhan yang dibacanya.
Alat Peraga
Pamong dapat menyiapkan gambar yang terdapat di CD:
- Tanggal 22 September – gambar ekspresi melamun
- Tanggal 22 September – gambar ekspresi merenung
Pendahuluan
Sugeng enjing bocah-bocah kinasih,
Coba delengen gambar-gambar iki! Gambar 1 iki gambare wong kang lagi nglamun. Lha gambar 2 iki gambare wong kang merenung. Piye miturut samean kabeh, apa padha gambare wong kang nglamun lan wong kang merenung? Apa bedhane yo? Yen nglamun iku mbayangake akeh perkara kang ora didasari pitakonan-pitakonan sarta mikir kang awang-awang bae. Yan merenung iku kegiatan menggalih utawa ngraos-ngraosake maneh samubarang kang wis kelakon lan ugi samubarang kang bakalan dilakoni. Kira-kira endi sing paling sering kita lakoni? Nglamun utawa merenung? Yen merenung, sapira seringe? Apa sing direnungake? Apa merenung iku nyenengake? Luwih seneng endi karo nglamun? Coba saiki diekspresiake kaya apa toh wong kang ngelamun lan kaya apa wong kang merenung kui? (cikbene para bocah nggambarake ekspresi wong kang lagi ngelamun lan merenung miturut pamikiran lan pengalamane)
Inti Penyampaian
Bocah-bocah sing ditresnani Gusti,
Apa padha eling marang Yunus kang ana ing Alkitab? Sapa toh Yunus kui? Yunus yaiku nabi. Apa kang kalampahan ana gesange? (pamong paring kesempatan tumrap para bocah kangge ngeling-eling lan nyritake) Salah siji ceritane yaiku nate ana ing sajroning wetenge iwak, kira-kira apa sing dilakoni dening nabi Yunus? Ngelamun utawa merenung? Ayo padha diperiksa bareng-bareng kabeh kisahe Yunus saka wiwitan. Yunus yaiku nabi kang diutus dening Gusti Allah tindak menyang Niniwe, nanging nyatane Yunus ora tindak menyang kana malah menyang daerah Tarsis. Papan kang bedha banget karo papan kang kasebut Niniwe. Tugase Yunus yaiku ngabarake pawartos rahayu marang wong-wong sing ana ing tlatah Niniwe. Wong-wong kang ana ing kana iku ora kagolong wong Israel kang setia. Wong Niniwe ora kaanggep umat pilihane Gusti Allah. Ing wektu iku wong Israel padha sombong utawa gumunggung krana rumangsa nampa kawilujengan saking Gusti Allah. Yunus minangka gegambaran saka wakile wong Israel iku mau kang ora gelem yen bangsa liane ugi nampa kawilujengan kang padha. Mulane Yunus ora kersa tindak menyang Niniwe kanggo ngabarake pawartos rahayu. Nah, apa Gusti Allah ora nindakake apa-apa yen pirsa Yunus kaya mengkana iku mau? Ora! Gusti Allah paring paukuman tumrap Yunus.
Wektu iku, Yunus tindak nitih perahu saka pelabuhan Yafo menyang Tarsis bareng karo penumpang liane sing akeh. Ing satengahing perjalanan kapal sing ditumpaki iku mau ngalami bencana, ana ombak gedhe banget kang nerak kapale Yunus. Gedhene ombak kaya-kaya bakal nugel kapal iku. Awak kapal dadi wedi mangkana uga kabeh wong kang ana ing kapal iku. Kabeh padha pating jlerit lan ndedungo marang allahe dewe-dewe (dudu Gusti Allah). Ananging Yunus malah bisa turu pules banget ana ing kapal bagian isor dewe.
Sawise iku nahkoda kapal mudhun sarta nggugah Yunus lan nyuwun yen Yunus ugi ndedonga marang Gusti Allahe. Sabanjure kui kabeh padha ngajak buang undi supaya ngerti sing sapa nduweni dosa lan kalepatan sing nyababake ombak gedhe. Buang undi katindakake lan sing oleh undi yaiku Yunus. Yunus ngakoni yen piyambake sing nindakake kelepatan marang Gusti Allahe lan nyebabake kahanan kaya mangkana kui. Akibate Yunus dicemplungake menyang laut sing paling njero lan manut karsane Gusti Allah ana iwak kang gedhe kang nguntal Yunus ana sajeroning wetenge. Akibat saka pilihane mungkur saka Gusti, ninggalake tugas lan tanggungjawabe Yunus diuntal iwak gedhe. Sasuwene telung dina telung wengi Yunus ana ing sajeroning wetenge iwak kang gedhe. Terus apa ya sing ditindakake Yunus samana suwene?
Ana sajroning wetenge iwak gedhe iku Yunus ora nglamun, mbayangake apa kang ora ngarah. Yunus lagi menggalih, ngraos-ngraosake kabeh kahanane. Yunus nyadari yen Gusti Allah nresnani Niniwe lan nyadari yen piyambake salah. Yunus nyadari yen piyambake ora nindakake kang dadi karsane Gusti Allah lumantar sabdane Gusti kang ditampa. Kudune piyambake tindhak menyang Niniwe nanging malah milih tindhak menyang Tarsis. Ing sajeroning menggalih iku mau Yunus pitados yen Gusti Allah ora mbatesi kawontenane ing Bait Suci ing Yerusalem, ananging Gusti ana ing ngendi wae lan mesthi mirengaken pandongane Yunus. Mangkana ugi Gusti Allah badhe mirengaken pandongane Yunus ing sajeroning wetenge iwak kang gedhe. Kabeh iku ditindakake Yunus kanthi temenan, kanthi gumolonging atine satemah Gusti Allah mirengaken lan maringaken welas asih tumrap Yunus. Pungkasane Yunus bisa methu saka ing wetenge iwak kang gedhe.
Penerapan
Bocah-bocah, ayo sinau saka Yunus kang luwih akeh merenung tinimbang ngelamun. Ayo tansah ngraos-ngraosake sabdane Gusti ana ing gesang padintenan. Saking Yunus kita sinau bab ciri-ciri minangka tiyang kang merenung, yaiku:
Ciri-cirine Yunus kang ngraos-ngraosake sabdane Gusti.
- Nyadari bilih Gusti Allah menika Agung
- Nyadari dosa lan kalepatane.
- Gelem ngakoni kalepatane lan janji ora bakal nglakoni maneh.
Aktivitas
Pamong ngajak bocah-bocah nyusun utawa nggawe pandonga kanthi tema “ngraos-ngraosake sabdane Gusti Allah”. Pandonga ora perlu dawa sing penting isine cocok karo tema.
Catatan: Berikan potongan puzzle bagian 4 kepada masing-masing Anak Madya
Lagu Tema
- Special Songs For Kidz No. 121 “Yunus di perut ikan”
- Kidung Ria No. 60 “Aku mengasihi Engkau Yesus”