Manna Renungan Harian 6 Februari 2018

6 February 2018

Waosan : Pangentasan 16:25-36  |  Pamuji : KPJ.385
Nats:
Anadéné mungguh wewujudan iku umat Israel anggoné ngarani : manna; rupané putih kaya ketumbar, rasané kaya kuwih madu.” (ay. 31)

Ing satunggal wekdal wonten tiyang ingkang pitakèn dhateng Albert Einstein : “Menawi sampéyan kleresan saged pinanggih Gusti, badhé pitakèn punapa ?” Albert Einstein paring wangsulan, “Kula badhé pitakèn: Kados pundi mula-bukanipun jagad punika ? Ananging sasampunipun menggalih sawetawis wekdal, Albert Einstein ngéwahi wangsulanipun, “Sanès punika wau… Kula badhé pitakèn :  Kénging punapa jagad punika dipun titahaken ?”

Kadosipun pitakèning Albert Einstein punika boten èwet dipun wangsuli. Kita saged sinau saking cariyos bab roti manna ingkang dipun paringaken Gusti Allah dhumateng bangsa Israel wonten ing pasamunan. Ingkang wiwitan, roti manna punika èstunipun tandha bilih Gusti Allah Mahakuwaos. Panguwaos-ipun tan winates, menawi Gusti sampun ngersakaken, mila sedaya badhé kalampahan. Kagem Gusti Allah boten wonten perkawis ingkang mokal, awit Panjenenganipun Mahakuwaos. Ingkang angka kalih, roti manna punika minangka tandha kamulyaning katresnanipun Gusti Allah. Panjenenganipun karsa paring jaminan pangrimatan dhumateng umat ingkang dipun tresnani.

Nah, mekaten ugi tujuan jagad punika katitahaken. Jagad katitahaken minangka tandha ingkang nedahaken dhumateng kita bilih Gusti Allah punika Mahakuwaos saha mulya ing katresnan-ipun.

Samukawis perkawis ing pigesangan punika dipun titahaken, sedaya nedahaken panguwaos sarta kamulyaning katresnanipun Gusti Allah. Mila, sampun samesthinipun menawi kita tansah ènget dhumateng panguwaos lan kamulyaning katresnanipun Gusti ingkang tansah nganthi lampah gesang punika. Awit, jagad lan sedaya titahipun Gusti ugi tansah wonten ing sakiwa – tengening lampah gesang kita. [wn]

 Namung dhumateng tiyang ingkang lembah manah, kaéndahan lan samaring wewadinipun jagad tinarbuka dhening Allah. (Socrates 469 – 399 SM)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak