Woh Ingkang Sae Renungan Harian 30 April 2018

30 April 2018

Waosan: Yesaya 5:1-5 I Pamuji: KPJ. 127: 1-3
Nats:
„Ingsung ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik, yagene dene mung metokake woh anggur kang kecut?“ (ayat 4b)

Seratan tembang ing kitab Yesaya punika nedahaken katresnanipun Allah dumateng bangsa Israel ingkang ageng sanget. Bangsa Israel kadosdene pakebonan anggur ingkang subur ingkang kagadhang medalaken woh ingkang sae. Nanging kanyatanipun benten. Kebon anggur menika ngedalaken woh ingkang kecut, boten kados ingkang sampun dipungadhang-gadhang. Pramila Allah paring dhawuh dumateng bangsa Israel badhe mbucal pager eri ingkang dados tameng ugi badhe ngrebahaken tembok panangkis bebaya supados kebon anggur saged karisak dening sinten kemawon. Bangsa Israel badhe nampeni karisakan amargi boten saged mangsuli pangajeng-ajenge Allah.

Menawi wonten lare alit ingkang kedah lumampah wonten ing wana piyambakan tamtu raos ajrih lan kuwatir boten saged uwal saking batosipun. Nanging menawi lare kalawau lumampah sesarengan kaliyan ramanipun, raos ajrih lan kuwatir badhe sirna. Kahanan kados mekaten ingkang kalampahan dening bangsa Israel kala-semanten. Nalika lumampah ing panganthine Gusti Allah karaos benten kaliyan nalika lumampah piyambakan. Nanging emanipun, kenging menapa nalika sesarengan kaliyan Gusti Allah, bangsa Israel boten saged nuwuhaken pakaryan ingkang sae, malah nebih lan nerak pitedahipun Gusti? Pakaryaning bangsa Israel ingkang boten sae menika ndadosaken Allah ngemutaken bangsa nenika lan pungkasanipun maringi ganjaran paukuman supados bangsa Israel nelangsani lampahing gesangipun.

Punapa ingkang kalampahan dening bangsa Israel, saged ugi kita alami ing gesang kita. Sanadyan sampun lan tansah memuji dumateng Gusti saben dinten, ananging menawi tumindak kita dereng saged nuwuhaken ingkang dipun kersakaken dening Gusti, mila tegesipun kita kepengen lumampah nebih saking karsanipun Gusti. Gusti ngersakaken sedaya tiyang ingkang sampun dipunpiji punika nuwuhaken “woh” ingkang migunani. Makaten ugi kita sedaya. Sumangga tansah lumampah sesarengan kaliyan Gusti, makarya ingkang migunani kangge sesami lan sedaya titahipun Gusti.  Amin.  (YD)

„ Wit kang becik metokakae woh kang becik“

Renungan Harian

Renungan Harian Anak