Aja Njalari Susah Renungan Harian 28 Mei 2018

28 May 2018

Waosan: 2 Korintus 1: 23-2:11 | Pamuji: KPK. 81:3,4.
Nats:
“Nanging aku nyebut marang Gusti Allah minangka seksiku -Panjenengangane iku nguningani aku- manawa anggonku ora sida teka ing Korinta iku sabab aku ngeman marang kowe.” (2:23)

 Ing taun 1970-80an wonten lagu kondhang saking Edi Silitonga ingkang sawatawis cakepanipun mekaten: “Biar… biarlah sedih, asal engkau bahagia. Biar… biarlah sedih, asal engkau bahagia. Biarlah sedih hidupku sendiri.” Lagu menika nggambaraken lilaning manah nandhang sedhih angger kekasihipun ngalami kabingahan, utawi pepinginan supados sampun ngantos damel kekasihipun sedhih. Menika mujudaken sih katresnanipun ingkang tulus.

Rasul Paulus ing waosan kita dinten menika ugi nedahaken sih katresnanipun dhateng warganing Pasamuwan Korinta. Awit saking sih katresnanipun menika Paulus netepaken rancanganipun sampun ngantos damel sedhihing warga pasamuwan menika. Ingkang menika Paulus murungaken (membatalkan) anggenipun badhe tindak dhateng Korinta. Awit pasamuwan Korinta nalika samanten saweg sami golong-ginolong dados 4 (golongan Apolos, Paulus, Kefas/ Petrus lan golongan Kristus). Menika ateges wonten sawatawis boten sekedhik warga pasamuwan ingkang boten condhong dhateng Paulus, amargi dados golongan sanesipun. Pramila menawi Paulus rawuh dhateng Korinta tan wurunga badhe damel sedhih utawi boten remenipun golongan-golongan ingkang boten condhong dhateng Paulus menika. Awit saking menika Paulus murungaken rancanganipun tindak dhateng Korinta. Langkung prayogi Paulus nyerat layang kemawon kagem Pasamuwan Korinta. Sejatosipun Paulus -awit sih katresnanipun- kepingin sanget nuweni Pasamuwan Korinta ingkang saweg pecah menika. Katingal anggenipun Paulus keranta-ranta manahipun nalika nyerat layang menika. Nanging Paulus lila ngalami kasedhihan menika, angger boten damel kasedhihaning warga Pasamuwan Korinta.

Sumangga kita tetekat kados Rasul Paulus inggih menika mbudidaya supados sampun ngantos tumindak, pangucap lan sikap kita njalari tiyang sanes sedhih, kuciwa, rugi lan lara ati. Kosokwangsulipun, supados saranduning gesang kita sageda njalari tiyang sanes bingah lan nampi berkah. [st]

“Aja nganti uripku najalari wong susah, ning ndadekna wong bungah!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak