Dadi Klangenane Gusti Renungan Harian 24 Desember 2017

Waosan : Jabur (Mazmur) 89 : 1 – 4, 19 – 26 | Pamuji : KPK 50
Nats: “Ingsun wus maringi makutha marang sawijining pahlawan, sawijining wong pilihan wus Sunjunjung saka ing antarane bangsa iku.” [ayat 19]

Wonten satunggaling batur dipun pasarahi bendaranipun ngopeni rasukan pista, awis reginipun lan mboten wonten tunggale. Mboten kanyana-nyana rasukan menika nalika dipun umbah -awit badhe kaagem ngrawuhi pista- wonten karisakan sekhedik ingkang nyuda endahing busana. Pramila batur kalawau ajrih lan nyuwun tetimbangan dhateng tiyang pinter menapa ingkang kedah katindakaken. Batur menika kadhawuhan supados mboten ngasta rasukan risak menika mangke dados perkawis rame. Lajeng batur mundhut pirsa dhateng penasihat bendaranipun, tiyang ingkang celak mbokmenawi mangertos punapa pemanggih lan sikap bendara menawi pirsa kahanan menika. Penasihat bendara menika mrayogekaken agemanmenika “dibuwang sisan ditukoke anyar utawa dijahitke maneh”. Taksih bingung, batur menika tanglet penjahit ahli supados saged rasukan menika dipun dandosi sae malih. Wangsulan penjahit menika senadyan saged ndandosi nanging tetep mboten saged sampurna, tetep wonten cacate.

Sawetawis wekdal lajeng batur wau ngangen-angen, “aku ora bisa tumindhak menawa ora ana kedadeyan apa-apa, aku ora bisa ninggal tanggung jawab, aku tak sowan wae neng ngarsane bendara supaya bisa ngerteni apa sing dikersakke nalika pirsa kahanan sing kaya mangkene”. Batur menika matur kanthi jujur perkawisipun. Pangandikanipun dhateng baturipun: “aku ngerti wong-wong sing mbok ajak rembugan anggonmu ngajeni marang aku. Aku bakal tetep nganggo busana iki awit kanggoku ora dadi masalah gedhe. Aku bungah kowe bisa jujur bab tumindak sing kok lakoni kang ndadekke karusakane busana iki. Ya tak apura, aja gawe salah maneh!”

Gusti Allah nresnani Dawud lan mulyakaken abdinipun kinasih menika karana mirsani manahipun ingkang jujur lan tulus ing ngarsanipun Gusti. Allah karenan dhateng tumindak menika nadyan cacat lan kalepatanipun Dawud inggih cetha kapirsanan. Dawud kanthi jujur nglairaken sedaya perkawis ing gesangipun, nadyan menika kadosipun ngucemaken naminipun. Piyambakipun pitados ing Gusti katimbang manungsa. Gusti mirsani bilih Dawud, awit saking pengalaman iman saged sangsaya dewasa. [Yusak]

“Dhuh Gusti, mugi kakiyatan supados kawula wwantun jujur!”

 

Bagikan Entri Ini: