Waosan: Ibrani 11:4-7 | Pamuji: KPJ. 106
Nats: ”Merga saka pracaya…yasa prau kanggo nylametke keluargane (ayat 7)
Punapa ingkang badhe panjenengan tindakaken menawi wonten prentah ingkang mboten umum? Mbok menawi ingkang badhe dipun lampahi inggih punika ngajokaken pitakenan langkung rumiyin gegayutan prentah punika lan pungkasanipun mlajeng lan mboten badhe nindakaken prentah punika. Awit rumaos isin kaliyan tiyang sanes. Menawi mboten umum kenging punapa kedah dipun lampahi? Kok nggih nganeh-nganehi.
Punapa nggih mekaten menawi Gusti Allah piyambak ingkang paring prentah dhateng kita? Wonten prentahipun Gusti Allah ingkang ketingal mboten umum. Kados prentah ingkang dipun tampi dening Nuh. Menawi kita pirsani ing Kitab Purwaning Dumadi 6:9-22, kita saged mangertosi kados pundi Gusti Allah anggenipun paring prentah dhateng Nuh. Prentah ingkang aneh, awit namung Nuh lan brayatipun ingkang yasa prahu, tiyang lintunipun mboten wonten ingkang nglampahi perkawis ingkang sami. Kangge masyarakat sakiwa tengenipun, mbok menawi punapa ingkang dipun tindhakaken dening Nuh nganeh-anehi, lan mboten umum. Senaosa prentahipun Gusti “ora umum” nanging Nuh nglampahi prentahipun Gusti. Nuh kersa nglampahi prentahipun Gusti tamtu mboten tanpa dhasar ingkang kiyat. Dasaripun inggih punika pitados dhumateng Gusti. Pitados bilih punapa ingkang dipun dhawuhken punika perkawis ingkang leres, lan kangge kasaenanipun Nuh lan ugi brayatipun. Nuh masrahaken sawetah gesangipun dhumateng Gusti, senaosa ketingal nganeh-anehi lan ora umum, kangge ing masyarakat sakiwa tengenipun. Kapitadosan ingkang saestu punika ingkang ndadosaken Nuh lan brayatipun pikantuk kawilujengan.
Kados pundhi kawontenan kapitadosan kita dhumateng Gusti Allah? Punapa saestu anggen kita masrahaken gesang dhumateng Gusti Allah? Punapa kita ugi tansah nglampahi prentahipun Gusti, senaosa tiyang ing ndonya ngganggep “ora umum”? Amin. (SWT).
“Amung kumandel iku etuking kraharjanku