Waosan: Mateus 14 : 22 – 33 | Pamuji: KPJ. 115
Nats: “Gusti Yesus enggal-enggal mulung astane, nyepeng Petrus sarta ngandika: ‘Heh, wong kang cupet ing pangandel, yagene kok mangu-mangu?’” (Ayat 31)
Raos ajrih lan kuwatos punika wujuding emosi negatif. Amargi kalebet emosi negatif kathah tiyang ingkang boten saged nampi raos punika. Lajeng, sawetawis tiyang sami manggihi bilih wonten kancanipun ingkang saweg ngraosaken emosi negatif kasebat “lara” utawi kawastanan “klentu”. Sejatosipun emosi negatif, kadosdene ajrih, kuwatos, sedhih punika mujudaken emosi ingkang sehat. Mliginipun raos ajrih lan kuwatos dipun raosaken nalika saweg ngadhepi bebaya. Menawi boten ngraosaken ajrih nalika ngadhepi bebaya, punika malah saged dados bebaya. Raos ajrih dipun betahaken manungsa kangge ngalami dinamika gesang. Lah, ingkang boten sehat punika menawi raos ajrih sipatipun sampun linuwih utawi ajrih sanget. Ajrih sanget punika saged ndadosaken tiyang boten nalar lan boten saged mikir kanthi cetha.
Petrus lan para sakabat saweg ngraosaken ajrih sanget nalika praunipun ngadhepi bebaya. Raos ajrih ingkang dipun raosaken dening Petrus lan para sakabat, kanyatan ndadosaken Petrus lan para sakabat kesupen bilih sejatosipun piyambakipun sami nggadhahi kakiyatan, inggih punika iman kapitadosan dhumateng Gusti ingkang nguwasani samubarang. Raos ajrih punika ugi ndadosaken para sakabat kesupen bilih minangka patunggilan mestinipun saged nyengkuyung satunggal dhateng satunggalipun nalika ing kawontenan bebaya. Ing salebeting pepalang gesang ingkang nuwuhaken ajrih punika, Gusti Yesus paring pitulungan ing wekdal ingkang pas. Gusti ngeparengaken bebaya nrajang gesang, nanging Gusti ugi ingkang paring pitulungan.
Ing satengahing gesang pasamuwan asring kita ngadhepi pepalang. Sinau saking Gusti Yesus piyambak, ingkang dipun betahaken nalika kita ngadhepi pepalang, inggih punika manah ingkang tenang utawi ‘dikepenakke ati’, boten gupuh, temahan saged nggadhahi pikiran ingkang cetha. Lan minangka patunggilan kanthi pikiran ingkang cetha, pribadi baka pribadi tamtunipun saged sami nyengkuyung warga pasamuwan sanesipun ingkang ngadepi bebaya ing gesangipun. Swawi kita sami enget bilih kita boten mlampah piyambak ing margi ingkang rumpil, nanging wonten Gusti Yesus ingkang tansah nyarengi lan paring pitulungan. Amin. [ES].
“Aja matur marang Gusti Allah sepira gedhene angin topanmu,
critakna marang angin topan sepira gedhene Gusti Allahmu.”