Waosan: Jabur 107: 1-16 I Pamuji: KPK 192
Nats: “Ana wong kang padha nglambrang ana ing ara-ara samun, ora nemu dalan kang anjog marang ing kutha kang dienggoni ing wong.” (ayat 14)
Ing satunggaling dinten, kula kekesahan miyos margi ingkang dereng nate kula sumerepi. Dhawuhipun tiyang-tiyang, margi punika saged langkung cepet dumugi panggenan ingkang badhe dipun tuju, jalan pintas, hemat waktu lsp. Pitedah lesan punika tamtunipun milut manah kula, mila salajengipun kula nyobi liwat margi punika.
Rupinipun margi ingkang kedah kula liwati saestu rumpil, saestu ekstrim kangge kula ingkang nembe sepisanan liwat ing ngriku. Marginipun kathah ingkang risak, minggah tur ndeder sanget, kanthi tikungan 45 derajat, saestu boten wonten ing pikiran kula saderengipun liwat margi ingkang kados kalawau. Nanging punika taksih boten dados masalah. Ingkang dados masalah inggih punika dhun-dhunan (turunan) ingkang anjlok (curam), ndadosaken jantung dheg-dhegan sanget, dereng malih boten wonten tiyang ingkang saged dipun takeni punapa margi ingkang kula lampahi punika sampun leres? Kadosipun sampun jangkep kasisahan kula.
Kula mbayangaken, kados pundi nasibipun tiyang ingkang kaserat ing Jabur 107:4-5 punika. Iba sisahipun tiyang kalawau, kados tiyang ingkang mblasar. Bingung, sumelang lan saged rumaos mupus sarta kecalan akal sehat. Boten wonten harapan hidup malih. Mila, ugi kadospundi nalika umatipun Allah sami kesasar? Dhateng sinten piyambakipun badhe nyuwun pitulungan? Raos sumelang ugi kula raosaken. Kula namung nyuwun tulung dhateng Gusti supados saged pinanggih kaliyan tiyang ingkang saged kula tangleti. Tiyang ingkang badhe mitulungi, nedahaken arah ingkang leres.
Raos plong nembe kula raosaken nalika saged dumugi tujuan kanthi wilujeng. Mbokmenawi kados raos plong ingkang dipun raosaken dening umat nalika pikantuk pitulungan lan panutunipun Gusti piyambak, temahan saged dumugi “kutha” ingkang dipun panggeni tiyang (ay.7). Tegesipun, harapan hidup punika taksih wonten. Wonten ing Gusti Allah kemawon kita badhe pikantuk gesang. Mila tamtunipun raos sokur ingkang tansah badhe kalairaken ing manah. Amin (DK)
“Yen kesasar, aja lali kenthongane ditabuh.”