Waosan : Pangentasan (Keluaran) 19 : 9 – 25 | Pamuji : KPK 52 : 1, 2
Nats: “Sira maranana bangsa iku, padha sira konen sesuci ing dina iki lan sesuk. Sarta padha ngumbaha sandhangane. Padha cumawisa ing dina katelune, sabab ing dina katelune iku Pangeran Yehuwah bakal tumedhak menyang Gunung Sinai ing sapandelenge bangsa iku kabeh!” [ayat 10-11]
Gusti Allah ngersakaken supados bangsa Israel pitados lan mirengaken Nabi Musa. Nabi Musa lajeng munjuk dhateng Gusti Allah bab kesanggemanipun bangsa Israel badhe tansah ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah. Kangge nampeni dhawuhipun Gusti Allah menika, bangsa Israel kedah sesuci lan cecawis, kanthi pralambang ngumbah sandanganipun lan boten nyelaki tiyang estri/pantang bersetubuh (15). Musa kadhawuhan mageri redi Sinai, awit redi Sinai dados papan palenghanipun Gusti Allah. Bangsa Israel, ugi bangsa ingkang sampun kasucekaken boten kenging minggah lan nggepok sikilipun redi Sinai, sinten ingkang nggepok mesthi kaukum pejah, srana sela-sela utawi panah. Menawi sampun mireng swantening kalasangka ingkang ngalur/ berbunyi panjang, nembe kepareng minggah dhateng redi Sinai.
Sedaya kedadosan ingkang kacetha ing ayat 16,18-19, kanthi gegayuhan maringi prastawa dhateng bangsa Israel, supados ngemudeni nggrengsenging manah anggenipun kepengin sumerep ingkang kebak dosa menika (Pang. 3:3) lan nedahaken bilih Gusti Allah menika Allah ingkang Maha Suci ananging kebak ing Sih Rahmat.
Nalika kita sidhi lan babtis dewasa, kita sami ngaturaken janji kesanggeman bilih kita tansah pitados lan ngestokaken dhawuh-dhawuhipun Gusti Allah, tuwin ndherek Gusti salamining gesang. Lan Gusti karsa nampi lan nebus kita dados umat pilihanipun, umat tetebusanipun. Ing Prajanjian Lami, Nabi Musa dados pantawis antawisipun umat Israel lan Gusti Allah; Gusti dhawuh lumantar Nabi Musa lan umat ngaturaken kesanggemanipun dhateng Gsuti Allah ugi lumantar Nabi Musa. Ing Prajanjian Enggal karana panebusing dosa ing Gusti Yesus, kita kepareng sowan langsung dhateng Gusti Allah. Ewa semanten kita kedah sesuci lan cecawis menawi kita badhe sowan nampeni dhawuhipun Gusti. Artosipun kita boten kepareng sembarangan, nanging kedah kanthi kebak pakering lan andhap asoring manah, kinanthenan kesanggeman ngestokaken dhawuhipun. Amin, [SS]
“Ngajenana Gusti Allah kanthi sucining uripmu!”