Waosan : 1 Korinta 6 : 1 – 11 | Pamuji : KPK 312 : 1 – 3
Nats: “…kowé wus padha kasucèkaké, wus padha kabeneraké merga saka Asmané Gusti Yesus Kristus lan marga déning Rohé Allah kita.” [ayat 11b]
Ing satunggaling dinten wonten laré anèm ingkang dipun “lungguhaken” déning ibunipun. Awit laré anèm wau tumindak ingkang murugaken wiranging brayat agengipun. Dhawuhipun sang ibu,”Ngertia lé, kowé kuwi anaké sapa… Ibumu iki majelis lho… Lha nèk tumindakmu kaya ngono kuwi, saiba wirangé ibu iki…”
Rikala semanten, Paulus ugi saweg dhapuk minangka tiyang sepuh tumrap pasamuwan ing Korinta. Ing pundi Paulus maringi pepènget bilih èstunipun para pitados ing pasamuwan punika patunggilanipun tiyang ingkang sampun kasucèkaken, sarta sampun dipun dunungaken ing kayektèn awit gunging katresnanipun Gusti Yesus lan pakaryanipun sang Roh Suci (ay. 11b). Pepènget punika dipun paringaken awit kawontenan gesanganipun patunggilan pasamuwan ing Korinta saweg “kesasar” (ay. 9b), nyimpang saking wujuding gesang ingkang samesthinipun katedahaken pendhèrèkipun Gusti Yesus. Wonten ingkang boten rukun, kaliyan sesami pitados sami padu. Ugi wonten ingkang boten pitados kaliyan sedhèrèk tunggil kapitadosan. Menawi wonten ingkang saweg padu, kathah ingkang boten purun nengahi, lsp. Milanipun lajeng Paulus paring pepènget punika.
Pepènget kanggé pasamuwan Korinta punika èstunipun ugi kanggé patunggilanipun para pitados ing jaman samangké. Kados déné tiyang sepuh, Paulus ugi saweg ngèngetaken lan ndunungaken gesang kita. Kasaripun Paulus ing wanci punika ngèngetaken, “Ngertia, lé.. ngertia nduk.. kowé iki patunggalané wong kang wus kasucèkaké… patunggalané wong kang wus padha kabeneraké merga saka Asmané Gusti Yesus lan sang Roh Suci… Mulané laku uripmu iya kudu ngener kaya apa kang dadi karsané Gusti…
”
Lhah, menawi tiyang sepuh sampun ngendikan mekaten, sampun samesthinipun kita ugi wangsulan, ”Inggih, kula cumadhang nindakaken…” Wangsulan punika kedah tuwuh saking batos lan nyata woten ing tumindak. Sampun ngantos namung “nggih.. nggih.. nanging ora kepanggih”! [wn]
“Lungguhmu lungguhana… Lakonmu lakonana….!”